Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 99 >> 

1Allah jumeneng Ratu, bangsa-bangsa padha getera. Panjenengané pinarak ana ing sandhuwuré kerub-kerub, mulané bumi horega.

2Allah kang ana ing Sion iku Mahakwasa, kaluhurané ngungkuli sakèhé bangsa-bangsa.

3Padha mujia marang asmané Kang Mahaagung, merga Panjenengané iku suci!

4Panjenengané iku Ratu kang sekti lan remen marang kabeneran. Paduka ingkang njejegaken kaleresan; kaleresan lan keadilan ing antawisipun umat Israèl, Paduka ingkang nindakaken.

5Padha ngluhurna Pangéran, Allah kita, lan sujuda nyembah ana ing ancik-anciké sampéyané, Panjenengané suci.

6Musa lan Harun kuwi imam-imamé, lan Samuèl kuwi klebu wong sing padha nyebut asmané. Kabèh padha nyebut marang Allah lan Panjenengané njurungi panyuwuné.

7Panjenengané ngandika saka tugu méga, wong-wong iya padha ngéstokaké dhawuhé Allah, lan marang prenatan peparingé.

8Dhuh Pangéran, Allah kawula, Paduka sampun nyembadani panyuwunipun para abdi Paduka wau. Paduka dados Allahipun, ingkang kersa ngapunten, nanging ugi males dhateng pendamelipun ingkang lepat.

9Padha luhurna Pangéran, Allah kita, sarta padha tumungkula lan sujuda ana ing ngarsané, ing gunungé kang suci! Sebab Pangéran Allah kita iku suci!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 99 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel