Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Obaja 1 >> 

1Iki ramalané Nabi Obaja: Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa kanggo Édom mengkéné: Gusti Allah wis ngutus utusané marang para bangsa, lan kita wis padha krungu pangandikané, "Padha tata-tataa! Ayo padha nglurug perang nglawan Édom!"

2Pangandikané Pangéran marang Édom mengkéné, "Kowé bakal Dakgawé tanpa daya; nganti saben wong bakal ngrèmèhaké kowé.

3Atimu sing angkuh kuwi wis mblondrokaké kowé. Kutha krajanmu presasat bètèng sing kukuh kaya watu karang; omahmu dumunung ana ing pegunungan sing dhuwur, mula kowé padha mosik ing atimu, ‘Sapa sing bisa nyèrèd aku medhun ing bumi?’

4Nanging senajan enggonmu gawé omah ing papan sing dhuwur kaya susuhé manuk garudha, nganti kaya ana ing antarané lintang-lintang, éwasemono kowé bakal Daksèrèd medhun ing bumi.

5Maling sing teka ing wayah bengi, mung njupuk barang sing dibutuhaké. Wong ngundhuh anggur, rak mesthi ana sethithik sing kecècèr. Nanging kowé bakal disapu resik déning para satrumu.

6Hé turuné Ésau, raja-branamu bakal dirampog.

7Kowé bakal digorohi déning para mitramu, temah kowé bakal katundhung metu saka tanahmu. Bangsa sing biyèn urip rukun karo kowé bakal nelukaké lan njajah marang kowé. Kanca sing biyèn mangan bebarengan karo kowé, bakal padha masang kala-jiret kanggo kowé; malah bakal padha ngrasani kowé, ‘Jaréné pinter, lah endi kapinterané?’

8Bakal kelakon ing dinané Aku nekakaké paukuman, wongé sing pinter-pinter bakal Daktumpes bareng karo kapinterané pisan.

9Para prejurité Téman bakal padha giris, lan serdhadhuné Édom bakal mati kabèh."

10"Sarèhné kowé wis ngrampog lan matèni para sedulurmu, yakuwi anak-turuné Yakub, kowé bakal katumpes lan nandhang kanisthan ing selawasé.

11Nalika para mungsuh padha nggempur gapurané sedulurmu, kowé mung ngadeg ndeleng saka kadohan. Mulané pialamu padha waé karo pialané para wong manca sing padha ngusungi barang-darbèké wong Yérusalèm, banjur diedum ing antarané kanca-kancané.

12Kuduné kowé ora bungah merga sedulurmu ing Yéhuda padha ngalami cilaka. Kuduné kowé padha sedhih nalika sedulurmu padha kélangan entèk-entèkan. Kuduné kowé ora nggeguyu sedulurmu sing lagi nandhang sangsara.

13Kuduné kowé ora kena mlebu ing gapurané kutha-kuthané umat-Ku, lan nggeguyu enggoné padha kasangsaran, sarta njarah-rayah darbèké nalika sedulurmu ngalami musibah.

14Kuduné kowé ora ngadeg ana ing prapatan lan nyekel saben wong sing mlayu arep oncat. Kuduné wong-wong mau ora kokulungaké ing tangané mungsuh, nalikané sedulurmu nandhang kasangsaran."

15Pangandikané Pangéran, "Wis cedhak wektuné, enggon-Ku ndhawahaké paukuman marang para bangsa. Hé Édom, apa sing koktindakaké marang liyan, kuwi bakal katindakaké marang kowé. Kowé bakal ngundhuh apa sing wis koksebar.

16Umat-Ku bakal ngombé saka tuwunging paukuman sing pait ana ing gunung-Ku sing suci. Nanging iya para bangsa sing ana ing sakiwa-tengené bakal padha ngombé, malah paukuman sing kepara luwih abot; kabèh bakal padha ngombé lan sirna."

17"Nanging bakal ana sing oncat saka Sion, lan Gunung Sion bakal dadi papan sing suci. Turuné Yakub bakal padha ndarbèki tanah sing pancèn dadi haké.

18Turuné Yakub lan Yusuf presasat geni; bakal padha nyirnakaké Édom kaya geni sing ngobong sisané damèn, sing wis dibabad ora ana ing sawah. Turuné Ésau bakal ora ana sing urip.

19Édom bakal dienggoni déning wong Yéhuda sing saka sisih Kidul; déné wong Yéhuda sing saka sakuloné pegunungan bakal nelukaké wong Filistéa. Wong Israèl bakal ngenggoni daérahé Éfraim lan Samaria. Taler Bènyamin bakal ngebroki Giléad.

20Wong-wong Israèl sing bali saka pembuwangan bakal ngebèki tanahé wong Kenaan nganti tekan Zarfat. Wong-wong saka Yérusalèm sing kabuwang ing Sardis bakal padha nelukaké lan ngenggoni Yéhuda sisih Kidul.

21Wong-wong Yérusalèm sing padha menang mau bakal nyerang Édom didadèkaké jajahané, lan Pangéran piyambak bakal jumeneng raja."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Obaja 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel