Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 1 >> 

1(1:1-2) Dhèk jamané Para Hakim ing tanah Israèl tau ana pailan. Nalika semono ana wong lanang jenengé Élimèlèk, saka kulawarga Éfrat. Manggoné ing kutha Bètléhèm, wilayah Yéhuda. Merga saka pailan mau Élimèlèk lan bojoné, sing jeneng Naomi, lan anaké lanang loro ngungsi menyang tanah Moab. Nanging nalika ana ing Moab,

2(1:1)

3Élimèlèk mati; dadi Naomi mung kari karo anaké loro, jenengé Mahlon lan Kilyon.

4Loro-loroné padha kawin olèh wong Moab, jenengé Orpa lan Rut. Let sepuluh taun,

5Mahlon lan Kilyon iya padha mati, mula Naomi kari ijèn.

6Let sawetara mangsa Naomi krungu kabar yèn panèné umat Israèl diparingi metu. Mulané Naomi rasanan karo mantuné loro, arep bali menyang Bètléhèm.

7Banjur padha budhal bebarengan menyang tanah Yéhuda.

8Kandhané Naomi karo mantuné loro, "Kowé padha muliha menyang omahé wong tuwamu waé. Muga-muga Pangéran mberkahi kowé, merga enggonmu wis gawé becik marang aku lan anak-anakku sarta bojoku.

9Muga-muga Gusti Allah maringi jodho marang kowé, lan kowé padha duwé brayat." Sawisé mengkono Naomi banjur ngambungi mantuné loro mau arep pepisahan. Nanging Orpa lan Rut padha nangis,

10kandhané marang Naomi, "Mboten bu! Kula badhé tumut panjenengan wangsul dhateng panggènanipun bangsa panjenengan."

11Tembungé Naomi, "Aja nggèr, luwih becik kowé padha bali waé. Apa gunané mèlu aku? Aku rak wis ora bisa duwé anak lanang sing kena dakolèhaké kowé (kawin levirat).

12Padha muliha waé, sebab aku wis tuwa, ora bakal omah-omah menèh. Lan saupama aku dina iki kawin menèh lan duwé anak lanang,

13apa kowé ora kudu ngentèni nganti bocahé gedhé? Apa ora luwih becik yèn kowé padha kawin karo wong liyané? Wis ta nggèr, mokal yèn kowé bisa kawin menèh karo anakku."

14Mantuné padha nangis menèh, wekasané Orpa ngambung maratuwané, mujèkaké slameté laku, banjur mulih. Nanging Rut ora gelem ninggal Naomi.

15Naomi banjur kandha mengkéné, "Ndhuk, Orpa wis mulih, bali menyang panggonané bangsané lan brahala-brahala sesembahané. Apa ora luwih becik kowé iya mèlu mulih?"

16Nanging Rut mangsuli, "Ibu, mbok sampun akèn kula wangsul nilar panjenengan! Kula badhé tumut panjenengan. Dhateng pundi kémawon kula badhé tumut. Senajan ibu badhé manggèn ing pundi kémawon, kula inggih badhé manggèn wonten ing ngriku. Bangsanipun ibu, inggih bangsa kula; Allahipun ibu, inggih Allah kula.

17Menawi ibu tilar-donya, kula inggih badhé pejah lan kakubur wonten ing ngriku. Èstu, mugi Gusti Allah paring paukuman ingkang saklangkung awrat, saupami kula ngantosa pisah kaliyan ibu, kejawi menawi sampun pejah!"

18Naomi weruh yèn Rut kenceng niaté arep mèlu, mulané wis ora dirembug menèh.

19Wong loro mau padha nerusaké lakuné tekan Bètléhèm. Satekané ing kono, wong sakutha padha kagèt. Wong wadon-wadon padha kandha, "Apa kuwi Naomi temenan?"

20Wangsulané Naomi, "Aja nyeluk aku Naomi. Celuken Mara, merga Allah sing Mahakwasa wis ngersakaké aku ngalami prekara sing pait akèh banget.

21Nalika lunga saka kéné uripku sarwa kecukupan, nanging saiki Pangéran ngirid aku bali mréné tanpa nggawa apa-apa. Mulané, kowé ora susah nyeluk aku Naomi menèh, merga aku wis diukum, ngalami kasangsaran akèh!"

22Mengkono critané enggoné Naomi bali saka Moab bebarengan karo Rut, mantuné, wong Moab. Nalika semono ing Bètléhèm lagi nedheng-nedhengé panèn jewawut.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Rut 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel