Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 2 >> 

1Nanging kowé, Titus! Wulangna apa sing condhong karo pathokaning precaya.

2Wong lanang sing wis tuwa pituturana supaya presaja, wicaksana lan bisa ngendhalèni kekarepané; mantep ing precaya, ing katresnan lan ing kesabaran.

3Mengkono uga wong wadon sing wis tuwa pituturana supaya luwih nggatèkaké marang pangibadah. Aja padha dhemen nyatur, lan dhemen mendem minuman keras. Kudu padha memulang sing becik:

4kayata marahi wong-wong wadon enom supaya padha nresnani bojoné lan anak-anaké;

5bisa ngendhalèni kekarepané sing ora prayoga, suci lan bisa dadi somah sing sejati, manut karo préntahé bojoné, satemah wong ora ngala-ala marang pangandikané Allah.

6Mengkono uga para nom-noman konen njaga marang awaké dhéwé.

7Kowé dhéwé dadia tuladha ing sedhéngah penggawé becik. Enggonmu memulang tindakna klawan jujur lan kanthi tumemen.

8Nganggoa tembung-tembung sing wicaksana, sing ora kena dicacad déning wong, supaya mungsuh-mungsuhmu padha kisinan, merga ora duwé alesan nyatur kowé.

9Para abdi padha mbangun-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané,

10utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara sing ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Gusti Allah, Juru Slamet kita.

11Awit Gusti Allah wis ngetingalaké sih-rahmaté kanggo keslametané manungsa kabèh.

12Sih-rahmaté mau merdi kita, supaya kita padha urip ninggal patrapé wong sing ora wanuh karo Gusti Allah, sing nuruti marang hawa-nepsu kadonyan. Sajroning urip ing donya iki kita padha bisaa ngendhalèni nepsu kita dhéwé, padha sing jujur lan ngabekti marang Gusti Allah.

13Saiki kita lagi padha nganti-anti tekané dina sing dadi pengarep-arep, yakuwi Dina kebabaring kamulyané Allah Kang Mahaagung lan Sang Juru Slamet, Gusti Yésus Kristus.

14Panjenengané wis masrahaké sarirané kanggo kita, yakuwi kanggo nylametaké kita saka sakèhing piala, lan ndadèkaké kita dadi kagungané piyambak, umat sing suci, sing kesengsem marang penggawé becik.

15Prekara-prekara iki wulangna. Enggonmu mituturi lan melèhaké wong-wong sing padha ngrungokaké piwulangmu, nganggoa kawicaksanan, supaya aja nganti ana wong sing ngrèmèhaké kowé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Titus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel