Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 21 >> 

1"Yèn ing tanah sing arep diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé, ana wong dipatèni ing pategalan, mangka ora ana sing ngerti sapa sing matèni,

2penggedhé ing kutha kono lan hakimmu kudu teka lan ngukur pira adohé panggonané mayité wong sing dipatèni mau tekan saben kutha sing cedhak karo panggonan kono.

3Para penggedhéné kutha sing cedhak dhéwé karo panggonan mau nuli kudu njupuk sapi nom, sing durung tau dienggo megawé,

4banjur digawa menyang sapinggiring kali sing banyuné mili, ing panggonan sing lemahé durung tau digarap utawa ditanduri. Ana ing panggonan kono guluné sapi mau kudu diputung.

5Para Imam Lèwi kudu mèlu mrono, merga dhèwèkné sing kudu mutusi sakèhing prekara tukar-padu utawa raja-pati. Para imam iki wis dipilih déning Pangéran Allahmu kanggo ngladosi Panjenengané lan nglantaraké berkah atas Asmané.

6Para penggedhéné kutha mau kudu wisuh tangan ing sandhuwuré sapi mau

7karo ngucap, ‘Sanès kula ingkang mejahi tiyang menika, lan kula mboten sumerep sinten ingkang tumindak.

8Gusti, mugi kersa ngapunten Israèl, umat Paduka, ingkang sampun Paduka luwari saking tanah Mesir. Kersaa paring pangapunten dhateng kula sedaya, lan kula sampun ngantos kapurih nanggel kalepatanipun tiyang ingkang mejahi tiyang leres.’

9Srana enggonmu nglakoni dhawuhé Allah sing mengkono mau, kowé ora diwajibaké mikul tanggung jawab merga patiné wong mau."

10"Yèn kowé diparengaké menang ing perang déning Pangéran Allahmu, lan nawan mungsuh,

11mangka ing antarané wong tawanan mau ana wongé wadon ayu, sing arep kokpèk bojo,

12wong kuwi gawanen mulih ing omahmu. Konen ngethok rambut lan kukuné,

13sarta salin sandhangan. Ana ing omahmu kono wong mau kudu nangisi wong tuwané sing mati sesasi. Yèn wis mengkono wong mau kena kokpèk bojo.

14Yèn ing tembé mburi kowé ora seneng karo wong mau, kudu kokkon lunga kaya wong merdika. Ora kena kokanggep batur-tukon lan kokedol, merga wong mau wis kokpeksa, kokturoni."

15"Yèn ana wong duwé bojo loro, mangka loro-loroné duwé anak lanang, nanging sing lair dhisik ora saka bojo sing dikasihi.

16Wong mau yèn arep ngedum warisan marang anak-anaké, ora kena mènèhi marang anaké bojo sing dikasihi panduman sing dadi wewenangé anak pembarep.

17Anaké lanang sing pembarep kudu diwènèhi panduman tikel loroné anak lanang liyané, senajan anak pembarep mau dudu anaké bojo sing dikasihi. Wewenangé anak pembarep kudu diakoni déning bapakné, lan anak mau kudu diwènèhi warisan sing dadi haké miturut hukum."

18"Yèn ana wong duwé anak lanang nakal, sing gawéné nglawan lan ora manut karo pituturé wong tuwané, senajan wis diajar,

19wong mau kudu nggawa anaké ngadhep para penggedhéné kutha kono lan njaluk supaya anaké sing nakal mau diadili,

20karo muni mengkéné, ‘Anak kula niki nakal, damelé nglawan lan mboten manut pituturé tiyang sepuh. Damelé ngecèh-ecèh arta lan remenané endem-endeman.’

21Wong-wong lanang ing kutha kono kudu mbenturi bocah mau nganggo watu, nganti mati. Mengkono carané enggonmu mbrantas piala mau, supaya saben wong ing Israèl sing krungu bab lelakon mau padha wedi."

22"Yèn ana wong diukum pati merga nglakoni piala, lan mati digantung ing kayu,

23mayité ora kena gumantung sewengi muput, nanging kudu dikubur ing dina iku uga, merga mayit sing gumantung mau nekakaké paukuman ing tanah kono. Mayit kuwi kuburen, supaya kowé ora gawé regedé tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel