Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 34 >> 

1Musa banjur lunga, ninggal Lebak Moab lan munggah ing Gunung Nébo, menyang pucaké Gunung Pisga, sawétané Yérikho. Ana ing kana Gusti Allah nedahaké marang Musa tanah Kenaan kabèh, yakuwi wilayah Giléad, tekan kutha Dhan;

2tanahé Naftali kabèh; wilayahé Éfraim lan Manasyè, wilayahé Yéhuda mengulon tekan Segara Tengah;

3sisih Kidulé Yéhuda lan aréné, saka Zoar tekan Yérikho, yakuwi kutha sing kebak tanduran wit kurma.

4Pangandikané Allah marang Musa, "Yaiki wujudé tanah sing wis Dakjanjèkaké marang Abraham, Iskak lan Yakub lan anak-turuné. Tanah iki Daktuduhaké marang kowé, supaya kowé bisa nyipati dhéwé. Nanging Musa, kowé ora Dakparengaké mlebu ing tanah kono."

5Musa, abdiné Allah, banjur kapundhut ana ing kono, ing tanah Moab, kaya sing dingandikakaké déning Allah piyambak.

6Gusti Allah banjur ngubur layoné Musa ana ing Lebak Moab, ing sabrangé kutha Bètpéor, nanging tekan dina iki ora ana wong sing weruh panggonané.

7Nalika tilar-donya Musa umuré nyandhak satus rong puluh taun. Karosané ora suda, semono uga mripaté isih awas.

8Bangsa Israèl padha nganakaké pelayadan, nangisi Musa telung puluh dina lawasé ana ing aréné tanah Moab kono.

9Yosua bin Nun kaparingan kawicaksanan déning Pangéran, merga enggoné kaangkat déning Musa dadi gantiné. Bangsa Israèl padha mbangun-turut marang Yosua lan nglakoni dhawuh-dhawuh sing diparingaké déning Allah lantaran Musa.

10Ing tengahé bangsa Israèl durung tau ana Nabi sing kaya Musa, sing wawancara adu-arep karo Allah.

11Ora ana Nabi liyané sing tau gawé mujijat lan kaélokan kaya sing ditindakaké déning Musa ing tengahé bangsa Mesir, ratuné lan para penggedhéné, merga saka dhawuhé Allah.

12Ora ana Nabi liyané Musa sing tau nindakaké kaélokan-kaélokan sing nggumunaké ana ing tengahé bangsa Israèl kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel