Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 9 >> 

1Malaékat sing kalima nuli ngunèkaké slomprèté. Aku banjur weruh ana lintang tiba saka ing langit nibani bumi. Lintang mau kaparingan kunciné lawang teleng palimenganing pati.

2Bareng lawangé dibukak, banjur ana kukus kumelun metu saka ing teleng palimengan mau kaya kebul metu saka pawon gedhé. Soroté srengéngé lan awang-awang banjur dadi peteng déning kebul mau.

3Saka kebul kuwi nuli metu walangé akèh sing padha niba ing bumi. Walang-walang mau ngetokaké wisa ampuh saèmper wisané kalajengking,

4lan padha dipenging ngrusak suket utawa wit-witan utawa thethukulan liya-liyané, kejaba mung manungsa sing ing bathuké ora ana capé Gusti Allah.

5Walang-walang mau ora diparengaké matèni manungsa, nanging mung nyiksa waé, lawasé limang sasi. Panyiksa mau larané kaya yèn dientup kalajengking.

6Sajroné limang sasi wong-wong mau padha ngudi supaya mati, nanging ora bisa. Padha kepéngin mati, nanging malah diedohi déning pati.

7Rupané walang-walang mau kaya jaran sing siap arep perang. Ing endhasé ana kaya makutha emas. Rainé kaya rai manungsa.

8Lan wuluné kaya rambuté wong wadon. Untuné kaya untu singa.

9Dhadhané kaya nganggo keré wesi. Swarané elaré kumrasak kaya gumrubyuging kréta perang akèh digèrèd ing jaran, maju menyang peprangan.

10Walang-walang mau duwé buntut lan entup kaya entupé kalajengking. Iya ana ing buntuté kuwi dununging kekuwatané kanggo nyiksa manungsa lawasé limang sasi.

11Walang-walang mau duwé ratu, yakuwi malaékat penggedhéné teleng palimengan. Jenengé ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion, tegesé: "Tukang Ngrusak."

12Kasangsaran sing sepisan wis kelakon. Sawisé kuwi isih ana kasangsaran loro menèh.

13Malaékat sing kanem banjur ngunèkaké slomprèté. Aku banjur krungu swara metu saka pojoké papat mesbèh emas sing ana ing ngarsané Gusti Allah.

14Swara kuwi ngandika marang malaékat kanem sing nyekel slomprèt mau: "Malaékat papat sing padha kabanda ana ing sacedhaké Bengawan Éfrat kuwi uculana."

15Malaékat papat mau nuli diuculi. Yakuwi malaékat sing dicawisaké kanggo matèni saprateloné umaté manungsa sing jam, dina, sasi lan tauné wis katemtokaké.

16Aku dikandhani yèn cacahé prejurit jaranan kuwi rong atus yuta.

17Ana ing wahyu kono aku weruh jaran-jaran lan sing padha nunggangi. Sing padha nunggang mau nganggo keré wesi, rupané abang mbranang lan biru kaya watu nilam, sarta kuning lirang. Endhasé jaran kaya endhas singa, lan cangkemé ngetokaké geni, kukus lan lirang.

18Saprateloné umaté manungsa padha dipatèni déning wewelak telu, yakuwi geni, kukus lan lirang sing metu saka cangkemé jaran-jaran mau.

19Daya kekuwatané jaran-jaran kuwi dumunung ana ing cangkemé sarta ing buntuté. Merga buntuté kuwi kaya ula, nganggo endhas. Srana buntut-buntuté kuwi jaran-jaran mau nyiksa umaté manungsa.

20Nanging kekarèné manungsa sing ora dipatèni nganggo wewelak telu mau meksa ora padha mratobat saka penggawéné sing ala. Ora padha marèni enggoné nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala emas, slaka, tembaga, watu apa déné kayu sing ora bisa ndeleng, krungu utawa mlaku.

21Apa menèh ora padha mratobat saka enggoné mematèni, ulah ngèlmu gaib, laku jina, apa déné nyenyolong.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel