1Hé para wong sugih, rungokna pituturku! Padha nangisa lan sesambata, merga kowé bakal ketaman ing kasangsaran.
2Kasugihanmu padha bosok lan sandhanganmu padha dipangan renget.
3Mas lan slakamu kena ing timbrah. Iya timbrah kuwi buktiné yèn bandha-bandha mau nglawan marang kowé lan bakal ngrokoti dagingmu, kaya geni sing ngobong awakmu. Kowé wis numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.
4Rungokna sambaté wong-wong sing padha nyambut-gawé ing palemahanmu sing padha ora kokopahi. Semono uga pangresulané wong sing padha derep ana ing sawahmu wis kapireng déning Gusti Allah, Kang Mahakwasa.
5Uripmu ing donya kéné kepénak lan kebak kasenengan. Awakmu koklelemu, kaya wedhus sing arep disembelèh.
6Wong sing bener kokukum, malah kokpatèni, mangka wong mau ora nglawan marang kowé.
7Para sedulur! Mulané padha sing sabar nganti sarawuhé Gusti. Delengen sepira sabaré wong tani enggoné ngentèni pametuning buminé, sing gedhé ajiné. Kanthi sabar enggoné ngentèni tekané udan ing mangsa rendheng.
8Mengkono uga kowé kudu padha sabar. Padha dimantep ing pengarep-arep, awit dina rawuhé Gusti wis cepak.
9Hé para sedulurku! Aja padha ngresula lan nenacad, supaya kowé aja padha diukum déning Gusti Allah. Awit sing ngasta pengadilan wis mèh rawuh. Panjenengané wis jumeneng ana ing ngareping lawang.
10Hé para sedulur, padha élinga karo para nabi sing padha ngandika atas asmané Allah. Tirunen sabar lan mantepé sajroné nandhang sangsara.
11Para nabi mau padha diarani begja, merga enggoné padha sabar. Kowé rak wis padha krungu bab kesabarané Rama Ayub, lan padha ngerti kepriyé wekasané ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Allah marang Rama Ayub mau, awit Gusti Allah kuwi gedhé sih-palimirma lan piwelasé.
12Luwih-luwih, para sedulur! Yèn kowé janji apa-apa poma aja nganggo sumpah. Aja sumpah nganggo seksi langit utawa bumi, utawa nganggo seksi apa waé. Yèn "iya" kandhaa "iya," yèn "ora" kandhaa "ora," supaya kowé aja nampa paukuman.
13Yèn kancamu ana sing susah, dongakna! Yèn ana sing seneng atiné, padha menyanyia.
14Yèn ana sing lara, ngaturana para pinituwané pasamuwan, supaya padha ndongakna sing lara, lan ngusapi awaké sing lara mau nganggo lenga atas asmané Gusti.
15Pandonga sing metu saka precaya, bakal njalari wong sing lara mau kawarasaké déning Gusti lan dosa-dosané kaparingan pangapura.
16Mulané padha genti ngakonana kaluputanmu lan padha donga-dinongakna, supaya kowé padha kuwarasan. Pandongané wong sing netepi dhawuhé Gusti Allah, yèn diucapaké kalayan yakin kuwi gedhé sawabé.
17Nabi Élia kuwi rak mung wong lumrah kaya kita. Panjenengané ndedonga kanthi temen-temen supaya aja ana udan, lan telu setengah taun lawasé ora ana udan temenan.
18Bareng panjenengané ndedonga menèh, langit nuli ngesokaké udan lan bumi metokaké woh.
19Hé para sedulurku! Yèn panunggalanmu ana wong sing murtad, banjur ana sedulur sing nuntun wong mau dadi mratobat,
20ngertia yèn sing sapa mbalèkaké wong dosa saka lakuné sing nylèwèng, kuwi ateges ngentasaké nyawané wong mau saka ing pati, lan iya njalari akèh dosa sing olèh pangapura. Saka aku, Yakobus