Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 1 >> 

1Ing dina kaping lima, sasi kaping pat, taun kaping telung puluh, aku Imam Yéhezkièl bin Buzi, ana ing pinggir Kali Kebar ing Babil, bebarengan karo para wong buwangan Yahudi. Dumadakan langité menga lan aku weruh wahyu saka Allah.

2(Nalika semono Raja Yoyakhin wis limang taun ana ing pembuwangan.)

3Ana ing Babil kono, ing pinggir Kali Kebar Pangéran ngandika marang aku lan aku krasa dilimputi déning pangwasané Pangéran.

4Aku banjur weruh ana prahara teka saka Lor. Saka mendhung sing kandel banget metu kilaté akèh padha sesamberan nganti langité padhang semilak. Ing satengahé kilat-kilat mau ana rerupan mencorong kaya prunggu.

5Ing satengahé prahara aku weruh ana makluk papat kaya manungsa,

6nanging saben makluk duwé rai papat lan swiwi papat.

7Sikilé lenceng-lenceng, lan duwé tracak kaya tracaké sapi lanang. Padha mencorong kaya swasa sing mentas digebeg.

8Kejaba rainé papat lan swiwiné papat, saben makluk mau duwé tangan papat kaya tangan manungsa, saben swiwi ing ngisoré ana tangané siji.

9Saben makluk swiwiné loro megar, mangka pucuking swiwiné sing megar mau gathuk karo pucuké swiwiné makluk jèjèré, mula makluk mau bebarengan katon kaya barang pesagi. Yèn mlaku ora nganggo minger-minger.

10Saben makluk mau duwé rai papat. Sing ngarep rupa rai manungsa, sing sisih tengen rai singa, sing kiwa rai sapi, lan sing mburi rai garudha.

11Swiwiné loro kaegaraké mendhuwur, pucuké swiwi siji-sijiné gathuk karo pucuk swiwiné makluk jèjèré. Swiwi sing loro liyané kalempit nutupi awaké.

12Saben makluk madhep ing kéblat papat, mula makluk papat mau bebarengan bisa menyang endi waé tanpa mingar-minger.

13Ing satengahé makluk papat mau ana geni kaya obor, mlaku mrana-mréné. Geniné obor mau sok mulad-mulad ngetokaké kilat sesamberan.

14Para makluk mau padha mabur mrana-mréné, rikaté kaya kilat.

15Sajroné aku nggatèkaké sakèhing lelakon mau, aku ndeleng ana rodha papat ngambah bumi, saben rodha ngadeg sandhing makluk siji.

16Rodha mau padha kabèh. Saben rodha mencorong kaya watu akik. Ing tengahé saben rodha ana rodha menèh.

17Rodha-rodha mau bisa mlaku ngener menyang kéblat papat.

18Wengkuné rodha-rodha mau padha kebak mata.

19Ing salakuné makluk-makluk kuwi rodha mau mèlu ana ing sandhingé. Déné menawa makluk mau padha mumbul, rodha-rodha mau mèlu mumbul.

20Para makluk mau lunga menyang ngendi waé sing dikarepaké, lan rodha-rodha mau ngetutaké, merga rodha-rodha kuwi dirèh déning makluk-makluk mau.

21Makluk-makluk kuwi mlaku apa mandheg utawa mumbul ing langit, rodha-rodha mau tansah ngetutaké.

22Sandhuwuré sirahé para makluk mau kaya ana langit-langitan saka kaca kristal sing mencorong mblerengi.

23Ing sangisoré langit-langitan mau para makluk padha ngadeg, ngegaraké swiwiné loro mendhuwur, pucuké swiwi gathuk karo pucuké swiwiné makluk jèjèré, lan saben makluk nutupi awaké nganggo swiwi loro liyané.

24Aku krungu swarané swiwi yèn makluk mau padha mabur. Swarané kaya jumleguré segara, kaya tentara akèh banget lagi baris, kaya swarané Allah Kang Mahakwasa. Yèn lagi ora mabur, swiwiné diingkupaké,

25nanging isih keprungu swara saka sandhuwuré langit-langitan sing ana ing ndhuwuré makluk-makluk mau.

26Sandhuwuré langit-langitan ana kaya dhampar permata manila, lan sing lenggah ing kono rupané kaya manungsa.

27Mencorong kaya swasa sing kaobong ana ing geni, lan nyunaraké pepadhang sing gedhé banget,

28rupané kaya kluwung. Pepadhang sing ngédab-édabi mau nandhakaké yèn Pangéran ana ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel