Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 25 >> 

1Nyandhak taun kapaté Yoyakim bin Yosia jumeneng raja ing Yéhuda, aku kaparingan wangsit déning Pangéran, gandhèng karo sakèhé wong sing ana ing Yéhuda. (Kuwi taun kapisané Nebukadnésar jumeneng raja ing Babil.)

2Aku banjur medhar pangandikané Allah marang sakèhé wong ing Yéhuda lan ing Yérusalèm mengkéné,

3"Wis telulikur taun lawasé, yakuwi wiwit taun kaping telulasé Yosia bin Amon jumeneng raja ing Yéhuda nganti sepréné, Pangéran paring wangsit marang aku, lan tansah dakterusaké marang kowé. Nanging kowé ora tau nggatèkaké.

4Kowé ora gelem ngrungokaké, apa menèh mbangun-turut, senajan Pangéran ora kèndel-kèndel ngutus para abdiné, yakuwi para nabi.

5Para nabi mau padha nuturi kowé supaya padha mratobat saka lakumu sing ala lan saka duraka sing koklakoni, supaya lestari pamanggonmu ana ing tanah sing diparingaké déning Pangéran marang para leluhurmu dadi tanah warisan.

6Kowé padha dipituturi supaya aja padha nyembah brahala lan memungu dukané Pangéran merga nyembah marang reca-reca gawéané tanganmu. Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé Pangéran mau Panjenengané bakal ora ngukum kowé.

7Nanging Pangéran piyambak ngandika yèn kowé padha ora gelem ngrungokaké dhawuhé. Malah kowé padha memungu dukané srana reca-recamu. Srana mengkono kowé nekakaké paukuman kanggo awakmu dhéwé.

8Sarèhné kowé padha ora gelem ngrungokaké Panjenengané, Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné,

9‘Aku bakal nimbali bangsa-bangsa saka Lor lan abdi-Ku Nebukadnésar saka Babil. Dakdhawuhi perang nglawan Yéhuda lan wong-wong sing padha manggon ing kono, sarta bangsa-bangsa sing ana ing kiwa-tengené. Bangsa Yéhuda lan bangsa-bangsa sacedhaké kono bakal Daktumpes nganti dadi ludhesan selawas-lawasé. Aku, Pangéran, wis ngandika!

10Aku bakal mbungkem swaraning wong sing padha bungah-bungah lan swarané wong sing padha giyak-giyak ing pésta mantèn. Bakal padha kentèkan lenga kanggo ngurubaké lampuné lan kentèkan gandum.

11Tanah iki kabèh bakal mung isi jugrugan sing nggegirisi. Déné bangsa-bangsa sakiwa-tengené bakal padha ngawula marang raja Babil nganti pitung puluh taun lawasé.

12Sawisé mengkono Babil dhéwé lan rajané bakal Dakukum merga saka dosané. Babil bakal Daktumpes. Dakdadèkaké ara-ara samun lan ludhesan ing selawas-lawasé.

13Babil bakal Daktumpes srana paukuman kaya sing Dakagem numpes bangsa-bangsa kaya sing Dakwedharaké marang Yérémia sadurungé— yakuwi sakèhé paukuman kang kasebut ing Kitab iki.

14Babil bakal Dakwales manut penggawéné marang bangsa-bangsa. Bangsa Babil bakal dadi kawulané bangsa-bangsa liyané lan dadi batur-tukoné raja-raja agung.’"

15Pangéran, Allahé Israèl, ngandika mengkéné marang aku, "Iki tuwung anggur kang isi paukuman-Ku. Tuwung iki iderna marang para bangsa sing kudu nampani pangandika-Ku. Konen padha ngombé saka tuwung iki.

16Yèn padha ngombé banjur bakal padha sempoyongan lan ora mikir bab perang sing bakal Daktekakaké."

17Tuwung mau banjur daktampani saka astané Pangéran, sarta dakideraké marang bangsa-bangsa kabèh sing daktekani. Bangsa-bangsa mau banjur padha ngombé kabèh saka tuwung mau.

18Yérusalèm lan kutha-kuthané Yéhuda, para raja lan para penggedhéné kabèh padha ngombé saka tuwung mau, mula satanah kono kabèh bakal dadi ara-ara samun sing nggegirisi, lan wong bakal padha nyupatani awaké dhéwé, kaya sing kelakon tekan sepréné.

19(25:19-26) Iki daftaré wong-wong liyané sing kudu padha ngombé saka tuwung mau: Raja Mesir, para pegawé lan para pemimpin, wong Mesir kabèh lan wong-wong manca sing padha manggon ing kono; para rajané tanah Uz; para rajané kutha-kutha Filistin, Askelon, Gaza, Ékron; lan kekarèné Asdod; wong-wong Édom, Moab lan Amon; para rajané Tirus lan Sidon; para rajané tanah-tanah Segara Tengah. Kutha-kuthané Dédan, Téma lan Bus. Wong-wong sing padha ngethok rambuté nganti cendhak; raja-raja Arab kabèh; raja-rajané bangsa-bangsa sing manggon ing ara-ara samun; raja-rajané Zimri, Élam lan Média kabèh; raja-raja tanah-tanah Lor, sing adoh lan sing cedhak, gentènan. Ringkes bangsa kabèh ing salumahé bumi kudu padha ngombé saka tuwung mau. Sing kèri dhéwé ngombé saka tuwung mau raja Babil.

20(25:19)

21(25:19)

22(25:19)

23(25:19)

24(25:19)

25(25:19)

26(25:19)

27Pangéran banjur ngandika marang aku mengkéné, "Wong-wong kandhanana yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, sing dhawuh supaya wong kabèh padha ngombé nganti mendem lan mutah-mutah, nganti padha ambruk lan ora bisa ngadeg menèh, merga saka peprangan sing Daktekakaké.

28Lan menawa ana sing ora gelem nampani tuwung mau saka tanganmu lan ngombé saka kono, kandhanana yèn Pangéran Kang Mahakwasa sing paring dhawuh sing ndhawuhi wong-wong mau, supaya ngombé saka tuwung mau.

29Aku bakal miwiti ngrusak ana ing negara-Ku dhéwé. Apa dikira wong-wong kuwi bisa lolos saka paukuman-Ku? Ora. Wong-wong ing kutha iya bakal kaukum, jalaran Aku bakal nekakaké perang marang para bangsa ing salumahing bumi. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa wis ngandika.

30Déné kowé Yérémia, kudu medhar sakèhé pangandika kang wis Dakparingaké marang kowé. Kandhakna karo wong-wong mau mengkéné, ‘Pangéran bakal nyuwanten sora saka swarga kaya swarané gludhug saka pucaké gunung-gunung. Panjenengané bakal ngandika kalawan swara sora marang umaté, bakal kaya mbengoké wong sing lagi ngidak-idak anggur ing pemipitan. Saben wong ing bumi bakal krungu pangandikané.

31Swantené bakal ngumandhang tekan pojok-pojoking bumi. Pangéran bakal mengsahan karo bangsa-bangsa ing bumi. Wong kabèh bakal padha diadili. lan wong ala bakal didhawahi ukuman pati, Pangéran wis ngandika.’"

32Pangéran Kang Mahakwasa ngandika yèn bebaya bakal tular-tumular nekani bangsa-bangsa, bangsa siji gentèn sijiné, lan ana prahara gedhé jumedhul saka pungkasané bumi.

33Ing dina kuwi jisim-jisimé wong-wong sing dipatèni déning Pangéran bakal sumebar saenggon-enggon ana ing bumi. Ora ana wong sing nangisi jisim-jisim mau, lan ora ana sing digawa lunga lan dikubur. Bakal padha ditumpuk ana ing lemah kaya kotoran sing kanggo rabuk.

34Hé para pemimpin, lan para pangoné umat-Ku, padha nangisa sing seru! Padha nangisa lan gulung-gulunga ana ing lemah. Merga wis tekan mangsané enggonmu padha disembelèh lan dijagal kaya wedhus lanang.

35Kowé bakal ora bisa oncat saka kono.

36(25:36-37) Kowé bakal sesambat lan nangis merga sedhih, merga Pangéran srana paukumané wis numpes bangsamu lan ndadèkaké tanahmu sing tentrem dadi gempuran.

37(25:36)

38Pangéran wis nilar umaté, kaya singa sing metu saka guwané. Pagirising perang lan bentèring bebenduné Pangéran wis malik tanah mau dadi ara-ara samun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel