Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 43 >> 

1Rampung enggonku ngandhani wong-wong mau bab dhawuhé Pangéran, Allahé, lantaran aku,

2Azarya bin Hosaya lan Yohanan bin Karéah sarta wong-wong liyané sing padha gemunggung marani aku karo kandha, "Pangandika panjenengan menika goroh! Pangéran Allah kita mboten dhawuh dhateng panjenengan nyriyosi kula, bilih kula mboten angsal késah dhateng tanah Mesir.

3Nanging Barukh bin Neria menika ingkang ngojok-ojoki panjenengan nglawan dhateng kula, supados tiyang Babil saged njajah kula malih, malah sageda mejahi kula lan mbekta kula dados tawanan dhateng Babil."

4Mengkono dadiné Yohanan, para perwirané tentara sarta wong-wong liyané kabèh padha nampik pangandikané Pangéran, sing dhawuh supaya padha tetep manggon ana ing tanah Yéhuda.

5Kabèh wong sing isih kari ana ing Yéhuda, mengkono uga wong-wong sing padha bali saka pembuwangan ing tanah manca.

6Wong lanang-wadon, bocah lan putri-putri putrané Sang Prabu, banjur digawa déning Yohanan lan para perwira menyang tanah Mesir. Kabèh wong sing biyèn dipasrahaké déning Nebuzaradan, panglimané tentara Babil, marang Gedalya, klebu uga Barukh lan aku padha katut kaboyong.

7Mengkono enggoné padha nglawan marang dhawuhé Pangéran sarta budhal menyang tanah Mesir, menyang kutha sing karan Takhpanhès.

8Ing kutha kono Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

9"Njupuka watu gedhé sawetara, pendhemen ana ing sangarepé gedhong pemeréntah, banjur lépanen lan wong Israèl sawetara jaken neksèni sing koktindakaké kuwi.

10Kandhanana yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, bakal ngutus abdi-Ku Nebukadnésar saka tanah Babil mréné; wong mau bakal mapanaké dhamparé ing sandhuwuré watu-watu sing kokpendhem mau lan masang kémahé keprabon ana ing kono.

11Nebukadnésar bakal teka lan nelukaké Mesir. Wong sing pinesthi mati merga déning pageblug bakal mati merga pageblug. Wong sing pinesthi ditawan bakal digawa lunga dadi tawanan lan sing sapa pinesthi mati ana ing peprangan bakal mati ana ing peprangan.

12Aku bakal nekakaké geni sing ngobong kuil-kuilé para allahé wong Mesir lan rajané wong Babil bakal ngobong allah-allah mau utawa diboyong saka kono. Kaya déné pangon sing métani sandhangané supaya resik ora ana tumané, mengkono uga Raja Nebukadnésar bakal ngresiki tanah Mesir, banjur lunga menèh lan menang.

13Wong mau bakal ngrusak tugu-tugu watu sesembahané wong Mesir sing ana ing Héliopolis lan ngobong kuil-kuilé para allahé wong Mesir."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel