Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 14 >> 

1Pangéran bakal melasi marang Israèl, umat kagungané, lan dipilih menèh dadi kagungané. Bakal padha diulihaké menyang negarané dhéwé. Wong manca bakal padha teka lan manggon ing kono menèh bebarengan karo umat mau.

2Akèh bangsa sing bakal nulungi Israèl supaya bali menyang negarané dhéwé, negara peparingé Pangéran. Ing kana bangsa-bangsa mau bakal padha ngawula marang Israèl. Wong-wong sing biyèn mboyong Israèl, bakal gentèn ditawan lan sing biyèn nyia-nyia bakal gentèn ditindhes.

3Pangéran bakal ngluwari bangsa Israèl saka kasangsarané, lan saka pegawéan peksan sing kudu dilakoni.

4Samasa nindakaké iki kabèh, wong Israèl ngidung moyoki raja Babil mengkéné, "Raja sing ambek siya wis ambruk! Wis ora bakal bisa nindhes menèh.

5Pangéran wis mungkasi pepréntahané para penggedhé sing ala,

6sing karo nepsu nindhes lan tansah nganiaya bangsa-bangsa telukané.

7Saiki salumahé bumi bakal ngalami katentreman, lan kalawan ayem saben wong bakal padha ngidung kanthi bungah.

8Wit sanobar lan wit cemara ing Libanon bakal padha bungah-bungah merga raja sing ambek siya kuwi wis mati, lan saiki ora ana wong sing akon negori wit-wit mau!

9Donyané wong mati wis siaga mapag raja Babil mau. Rohé wong-wong sing biyèn padha nyekel pangwasa ing bumi lan rohé para raja padha gumrégah tangi.

10Kabèh padha mbagèkaké tekané raja Babil, ‘Hé, kowé saiki padha karo aku, apes lan ora duwé daya!

11Biyèn kowé diurmati nganggo swaraning kecapi, nanging saiki kowé wis ana ing panggonané wong mati sing sepi. Saiki peturonmu singgat, lan kemulmu cacing.’

12Hé raja Babil, biyèn kowé kaya lintang panjer ésuk sing padhang soroté, nanging saiki wis tiba saka langit! Biyèn bangsa-bangsa koktelukaké, saiki kowé sing dibanting ing lemah.

13Biyèn tékadmu arep mapanaké dhamparmu ana ing sandhuwuré lintang-lintang sing dhuwur dhéwé! Pangiramu kowé bisa manggon ana ing gunung sisih Lor, panggonané para déwa padha mlumpuk.

14Ujarmu kowé arep munggah ing sandhuwuré awang-awang lan dadi kaya Pangéran Kang Mahaluhur.

15Mangka saiki kowé dibanting lan dicemplungaké ing donyané wong mati sing jero dhéwé.

16Kabèh sing ana ing panggonan kono bakal ndeleng lan namataké kowé. Bakal padha takon, ‘Apa iki wongé sing biyèn gawé geteré bumi lan ngoregaké negara-negara?

17Apa iki wongé sing nggempuri kutha-kutha didadèkaké ara-ara samun? Apa iki wongé sing ora tau ngluwari wong-wong sing ditawan utawa ngulihaké wong-wong mau?’

18Raja-raja ing bumi kabèh padha sumaré ing pesaréané kang éndah,

19nanging kowé ora duwé kuburan. Jisimmu mung dibuwang, banjur bosok dhéwé lan ditindhihi jisim-jisimé para serdhadhu sing mati ing peprangan, sing padha dibuwang mengkono waé ana ing luwangan watu, banjur diidak-idak.

20Negaramu wis koktumpes dhéwé. Mulané kowé bakal ora dikubur kaya raja-raja liyané. Sedulur-sedulurmu sing ala siji waé ora ana sing bakal ditulungi.

21Panyembelèhan bakal énggal diwiwiti! Anak-anakmu bakal mati krana dosané para leluhuré. Siji waé ora ana sing bakal dadi raja utawa mbangun kutha-kutha."

22Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Babil arep Dakserang, banjur Dakrubuhaké. Wong siji waé ora ana sing bakal Dakslametaké, senajan bocah pisan ora bakal Dakuripi. Aku, Pangéran wis ngandika.

23Babil bakal Dakdadèkaké rawa sing dienggoni manuk beluk. Babil bakal Daksapu resik. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa wis ngandika!"

24Pangéran Kang Mahakwasa supaos, "Apa sing wis Dakrancang bakal Daktindakaké.

25Wong Asyur sing ana ing tanah-Ku Israèl bakal Daktumpes, lan sing padha manggon ing gunung-gunung-Ku bakal Dakidak-idak. Umat-Ku bakal Dakluwari saka panindhesé wong Asyur.

26Iya mengkono kuwi sing bakal Daktindakaké ana ing bumi. Mengkono pangancam-Ku tumrap para bangsa."

27Pangéran Kang Mahakwasa wis mutus arep nindakaké kuwi mau kabèh. Astané diagagaké kanggo ndhawuhaké paukuman, lan ora ana wong sing bisa nyegah kersané.

28Ing taun sédané Raja Ahas, ana wangsit mengkéné,

29Hé bangsa Filistéa, gitik sing kanggo nggebugi kowé wis putung, nanging kowé aja bungah-bungah, sebab saka ula sing mati njedhul ula sing luwih mandi, lan tetesané ula mandi mau ula sing bisa mabur.

30Kowé bakal ngalami paceklik, mangka ora ana sing bisa oncat. Allah bakal jumeneng Pangoné wong-wong miskin ing antarané umaté. Uripé bakal direksa supaya ayem tentrem.

31Padha ngadhuh-adhuh lan sesambata njaluk tulung, hé kutha-kutha Filistin! Padha wedia lan girisa! Ana kukus kemebul teka saka Lor, tandha tekané tentara akèh lan kuwat, tur kendel-kendel.

32Para utusané wong Filistéa sing teka lan takon arep kita wangsuli kepriyé? Bakal kita wangsuli, yèn Pangéran wis mbangun Sion lan umaté sing nandhang sangsara bakal ngungsi mrana.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel