Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 18 >> 

1Ing sabrangé kali-kali Sudan ana negara sing misuwur merga swarané swiwi manuk sing padha mabur.

2Saka negara kono tekané utusan-utusan sing medhun menyang segara nunggang prau glagah ing Bengawan Nil. Hé para utusan sing trengginas, padha énggal balia menyang negaramu. Wangsit iki gawanen kanggo bangsamu sing gagah prakosa, sing wong-wongé pawakané gedhé dhuwur, kulité klimis lan diwedèni wong sajagad.

3Hé wong kabèh manggon ing bumi! Padha awasna, samasa ana umbul-umbul ditancepaké ana ing punthuk-punthuk! Padha ngrungokna samasa ana swaraning slomprèt!

4Pangéran wis ngandika marang aku, "Saka kedhaton-Ku Aku bakal mirsani bumi kalawan tentrem, tentrem kaya bun sing tiba ing wayah bengi, lan cetha kaya padhangé srengéngé ing mangsa panèn lan panas.

5Sadurungé mangsa ngundhuh wowohan, mangsané kembang padha tiba lan woh anggur mateng ing wit, Sudan bakal diserbu déning mungsuh kanthi gampang, kaya gampangé magas pang-pangé wit anggur nganggo péso.

6Mayité para prejurit bakal ditinggal ngono waé, dadi mangsané manuk-manuk lan kéwan galak. Ing mangsa ketiga dadi mangsané manuk-manuk, ing mangsa rendheng dadi mangsané kéwan galak."

7Bakal tekan wektuné negara sing akèh kaliné kuwi nyaosaké pisungsung marang Pangéran Kang Mahakwasa, yakuwi saka bangsa sing gagah prakosa, sing wongé pawakané gedhé dhuwur lan klimis kulité lan diwedèni déning wong sajagad kabèh. Wong-wong mau bakal padha sowan ing Gunung Sion ngaturaké pisungsungé ing Pedalemané Pangéran Allah Kang Mahakwasa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel