Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 19 >> 

1Wangsit kanggo Mesir. Pangéran rawuhé ing Mesir nitih méga rerikatan. Para brahala ing Mesir padha gemeter lan wong Mesir padha cilik atiné.

2Pangandikané Pangéran, "Aku bakal gawé memungsuhan ing antarané wong Mesir siji karo sijiné, sedulur nglawan sedulur, tangga karo tangga. Kutha sing siji perang karo kutha sijiné, lan raja-rajané bakal memungsuhan rebutan pangwasa.

3Rancangané Mesir bakal Dakbatalaké lan atiné Dakgawé judheg. Wong Mesir bakal padha njaluk pitulungan marang brahala-brahalané, njaluk pituduh marang para dhukun lan roh-rohé wong mati.

4Mesir bakal Dakulungaké ing tangané raja sing ambek siya, sing ngerèh rakyaté sewenang-wenang. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa wis ngandika."

5Banyuné Bengawan Nil bakal surut lan suwé-suwé asat.

6Merga banyuné saya suda mula ambuné bakal tambah bacin. Glagah lan suket-suketé bakal alum.

7Sakèhé pembibitan ing sauruté Bengawan Nil bakal dadi garing sarta kabur katut ing angin.

8Wong golèk iwak bakal ngesah-esah merga pancing lan jalané ora ana paédahé.

9Wong sing nenun kain léna bakal semplah atiné;

10mengkono uga wong ngantih lan tukang-tukang liyané bakal padha ngenes lan nglokro.

11Para penggedhé ing Zoan pancèn bodho! Penaséhaté sing wicaksana dhéwé ing Mesir waé pituduhé ngawur! Padha wani matur ing ngarsané raja, yèn wong kuwi turuné wong sidik lan raja-raja ing jaman kuna!

12Hé raja ing Mesir, ana ing ngendi para penaséhat kabèh? Kuduné rak padha ngerti apa sing karancang déning Allah Kang Mahakwasa kanggo Mesir.

13Para penggedhé ing Zoan lan Mèmfis kuwi bodho-bodho. Kuwi dudu penuntun, nanging tukang nasaraké rakyat.

14Gusti Allah piyambak sing ngesokaké roh goroh marang atiné para penggedhé mau, nganti padha nasaraké salakuné bangsa Mesir, wekasané apa sing ditindakaké déning wong Mesir sarwa salah, lan lakuné bangsa mau gloyoran kaya wong mendem lan wekasané tiba keplèsèt ana ing utah-utahané dhéwé.

15Ora ana wong sing bisa ngentas Mesir, dadia pangwasa, utawa rakyat, wong gedhé apa wong cilik.

16Mbésuk bakal kelakon bangsa Mesir padha kaya wong wadon sing isinan lan jirih. Bakal padha gemeter lan giris menawa ndeleng Pangéran Kang Mahakwasa ngagagaké astané ngancam arep ngukum.

17Pangéran Kang Mahakwasa wis damel keputusan tumrap Mesir. Saben diélingaké bab keputusan kuwi banjur padha wedi karo Yéhuda.

18Ing wektu kuwi basa Ibrani bakal dienggo ana ing kutha lima ing tanah Mesir. Wong-wong ing kutha-kutha mau padha sumpah demi asmané Allah Kang Mahakwasa. Kutha-kutha mau ana sing jenengé: "Kutha Srengéngé".

19Ing tengahé tanah Mesir bakal ana mesbèhé Pangéran lan ing tapel watesé ana tugu pangéling-éling konjuk marang Pangéran.

20Mesbèh lan tugu mau minangka prelambang yèn Pangéran Kang Mahakwasa dedalem ana ing tanah Mesir kono. Yèn ditindhes, bangsa mau bakal ndedonga nyuwun tulung marang Allah, lan Panjenengané bakal utusan wong sing nylametaké.

21Gusti Allah bakal medharaké sarirané piyambak marang bangsa Mesir, mula bakal padha wanuh karo Panjenengané lan saos pangabekti. Wong-wong Mesir mau bakal padha ngucapaké kaul konjuk ing Allah nganggo sumpah.

22Pangéran bakal nggitiki wong Mesir, nanging sawisé mengkono tatuné bakal ditambani nganti pulih.

23Ing wektu kuwi bakal ana dalan gedhé saka Mesir menyang Asyur. Wong Asyur bakal padha menyang tanah Mesir, lan wong Mesir padha menyang Asyur, lan kekaroné bakal padha bebarengan ngabekti marang Pangéran.

24Ing wektu semana kalungguhané Israèl bakal padha karo Mesir lan Asyur, lan bangsa tetelu mau bakal padha dadi berkah tumrap sakèhé bangsa ing bumi.

25Pangéran Allah Kang Mahakwasa bakal mberkahi bangsa teteluné lan ngandika, "Aku mberkahi kowé, hé Mesir, umat-Ku, sarta Asyur, pakaryané asta-Ku, lan Israèl kagungan-Ku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel