Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 20 >> 

1Atas préntahé Sargon, raja Asyur, panglimané tentara Asyur, nyerang Asdod, kutha ing tanah Filistin.

2Telung taun sadurungé, Pangéran ngutus Yésaya bin Amos, nyopot sandhal lan sandhangan bagor sing dienggo. Nabi Yésaya ngèstokaké dhawuh mau, banjur mlaku wuda lan ora nganggo sandhal.

3Bareng kutha Asdod dikepung, Pangéran ngandika, "Yésaya abdi-Ku wis telung taun lawasé wuda lan ora sandhalan. Kuwi minangka tandha bab lelakon sing bakal dialami déning Mesir lan Étiopia.

4Wong-wong Mesir lan wong Étiopia bakal ditawan déning raja Asyur lan digiring karo wuda lan tanpa trumpah telung taun lawasé. Wong tuwa, wong nom, kabèh padha wuda lan tanpa sandhal, sarta padha katon bokongé supaya Mesir kwirangan.

5Wong sing padha ngendelaké Mesir lan Étiopia bakal padha kecuwan lan entèk pengarep-arepé.

6Ing wektu kuwi wong sing padha manggon ing pesisir Filistéa bakal padha muni, ‘Delengen apa kedadéané bangsa sing kita endelaké, sing kita jagakaké bisa mitulungi kita saka tangané raja Asyur. Mokal yèn kita bisa oncat nganti slamet.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel