Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 24 >> 

1Temenan bumi bakal digawé ludhes lan suwung déning Allah. Bumi bakal diwalik lan wong sing manggon ing kono bakal dibuyaraké.

2Saben wong bakal ngalami nasib sing padha; imam-imam padha karo wong lumrah, batur-tukon padha karo bendarané, wong sing tuku karo wong sing adol, sing motangaké karo sing utang, wong sugih karo wong mlarat kaanané padha.

3Bumi bakal dadi cengkar lan dadi sangar. Pangéran Allah Kang Mahakwasa wis ngandika.

4Bumi bakal dadi saya garing lan alum! Langit lan bumi padha ngenes.

5Bumi dadi najis, merga dinajisaké déning wong sing padha ngenggoni, merga padha nglanggar dhawuhé Gusti Allah, mbubrah prenatan sarta nglirwakaké prejanjian langgeng.

6Mulané Gusti Allah maringi paukuman marang bumi. Umaté bakal nampa paukuman. Manungsa salumahing bumi bakal sirna, kekarèné bakal mung sethithik.

7Wit anggur bakal alum, mulané anggur bakal langka. Saben wong sing biyèn uripé seneng, bakal padha sedhih.

8Swaraning musik sing mbungahaké ati, kayata swarané clempung lan tambur wis lèrèn.

9Ora keprungu menèh swarané nyanyian bab anggur, sebab ora ana wong sing tau ngerti rasané.

10Ing kutha, apa waé dadi kisruh, lan saben wong, milih ana ing omah waé sing aman.

11Wong akèh padha pating brengok ana ing dalan-dalan, merga wis ora ana anggur. Sakèhé kabungahan wis sirna, sakèhé kasenengan ing bumi wis ora ana.

12Kutha wis dadi gempuran, gapurané wis padha rusak.

13Mengkono bakal kedadéané bangsa-bangsa ing salumahé bumi. Padha kaya mangsa lebar panèn, woh kurma wis diplècèti lan saben wit anggur wis dipethiki wohé sing wekasan.

14Wong sing tahan lan isih urip padha menyanyi saka bungahé. Sing ana ing Kulon padha nyritakaké kaluhurané Gusti Allah.

15Sing ana ing Wétan padha ngluhuraké asmané. Bangsa-bangsa sing padha manggon ing sauruté segara padha memuji asmané Pangéran, Allahé Israèl.

16Saka kikis watesé bumi kita padha krungu wong padha memuji Allahé Israèl, kang mahaadil. Nanging aku kandha, "Saiki aku wis ora duwé pengarep-arep menèh! Cilaka aku, merga wong ala padha nerusaké lakuné sing ala, malah olèhé goroh ngungkuli sing uwis-uwis."

17Hé wong salumahing bumi. Rungokna! Kowé bakal disiksa, dicemplungaké ing sumur lan dipasangi kala-jiret.

18Saben wong sing arep oncat saka panyiksa bakal kecemplung ing sumur, lan sapa sing uwal saka sumur bakal kena kala-jiret. Udan bakal kaya grojogan kaesokaké saka langit, lan bumi bakal gonjang-ganjing.

19Lemah-lemah bakal padha bengkah lan gempal, banjur menga.

20Bumi bakal sempoyongan kaya wong mendem, kontrang-kantringan kaya gubug katempuh ing prahara. Bumi kabotan mikul dosa panglawané manungsa, mula bakal rubuh lan ora bisa ngadeg menèh.

21Bakal kelakon ing wektu kuwi Gusti Allah ngukum para pangwasa ing langit lan para penggedhé ing bumi.

22Para raja bakal padha diklumpukaké dadi siji kaya wong tahanan, kalebokaké ing sumur. Bakal padha dikunjara nganti satekané mangsa paukuman.

23Ing kono rembulan bakal dadi peteng, lan srengéngé mari nyunaraké padhangé, sebab Pangéran Allah Kang Mahakwasa piyambak kang jumeneng raja. Panjenengané bakal ngedhaton ana ing Yérusalèm, ing Gunung Sion. Para pinituwa lan para umat bakal padha ndeleng kaluhurané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel