Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 28 >> 

1Kraton Israèl bakal cilaka! Kamulyané wis alum, kaya makutha saka kembang sing ana ing sirahé para penggedhéné sing padha mendem. Sirah sing gemedhé mau gandané wangi. Nanging delengen, wong-wong mau padha pating gléthak mendem kepati.

2Pangéran wis nyawisaké wong rosa sing gedhé pangwasané kanggo ngalahaké para penggedhé sing padha mendem mau. Wong rosa kuwi tekané bakal kaya prahara, kaya grojoging udan, kaya banjir bandhang, lan bakal ngerobi satanah kono kabèh.

3Kaluhurané para penggedhé sing mendem mau bakal diiles-iles,

4lan bakal layu sarta sirna kaya sirnané woh ara sing mateng dhisik ing mangsa panèn, merga mesthi diundhuh lan dipangan sawisé mateng.

5Ing wektu kuwi Pangéran bakal kaya makutha saka kembang sing éndah tumrap umaté sing kari.

6Panjenengané bakal paring roh keadilan marang para hakim, lan roh kekendelan marang sing padha jaga gapuraning kutha.

7Para nabi lan para imam pisan iya padha mendem, nganti lakuné sempoyongan. Merga kakèhan ngombé anggur lan arak mula pikirané padha bingung ora karu-karuwan. Para nabiné saking mendemé nganti ora ngerti maknané wahyu sing kaparingaké déning Allah, lan para imam saking mendemé nganti ora bisa mutusaké prekara sing diladèkaké supaya diputusi.

8Méja sing ana ing ngarepé kebak utah-utahané lan rereged, nganti ora ana panggonan sing resik.

9Wong-wong mau padha nggresah ngrasani aku mengkéné, "Wong kuwi mulang sapa? Sapa sing butuh piwulangé? Kuwi rak mung kanggo bocah sapihan.

10Karepé arep mulang kita saaksara-saaksara, sagaris-sagaris, sapérangan-sapérangan."

11Aku banjur muni mengkéné, "Yèn kowé ora gelem ngrungokaké aku, Gusti Allah bakal nggunakaké wong manca kanggo mulang kowé nganggo basa manca.

12Gusti Allah paring panglipur lan pengasoan marang kowé, nanging koktampik, ora kokrungokaké.

13Mulané Panjenengané bakal mulang kowé saaksara-saaksara, lan sagaris-sagaris, lan sapérangan-sapérangan. Kowé banjur bakal kesandhung, saben kowé njangkah. Kowé bakal ketaton lan diiles-iles sarta ditawan."

14Mulané hé wong gemunggung sing padha dadi penggedhé, sing ngerèh rakyat ing Yérusalèm, padha rungokna pangandikané Allah.

15Swaramu angkuh, kandha yèn kowé wis gawé prejanjian karo pati lan wis rukunan karo donyané wong mati. Kowé yakin yèn ora bakal ketekan paukuman, merga kowé njagakaké enggonmu pinter goroh lan apus-apus.

16Mengkéné pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa, "Ing Sion Aku masang pondhasi sing kuwat lan sentosa. Ing pondhasi mau Dakpasangi watu pojokan sing katulisan, ‘Sing sapa precaya ora bakal gugup.’

17Keadilan Dakdadèkaké tali kanggo ngukur lan sing Dakdadèkaké tali sipat kabeneran." Udan ès bakal nyapu sakèhé goroh sing kokendelaké, lan banjir bakal nyirnakaké katentremanmu.

18Prejanjianmu karo pati bakal buyar, lan rukunanmu karo donyané wong mati bakal batal. Samasa paukumané teka kowé bakal mati diiles-iles.

19Paukuman mau saben-saben bakal nekani kowé, ajeg saben ésuk. Kowé bakal ngrasakaké giris rina lan wengi. Saben wangsit saka Pangéran bakal nekakaké panyiksa marang kowé!

20Kowé bakal ngalami kaya wong ing Wulang Bebasan sing arep ngaso ing peturon, nanging jujul kanggo slonjor; arep kemulan, nanging kemulé cupet.

21Pangéran bakal nglawan, kaya patrapé nalika perang ana ing Gunung Perasim lan ana ing Lebak Gibéon, nindakaké apa sing dadi kersané, senajan pendamelé mau katoné anèh. Panjenengané bakal ngrampungaké pakaryané, pakaryané kang élok.

22Kowé aja nggeguyu pepélingku marang kowé iki! Yèn kowé meksa nggeguyu, kowé malah saya ora bisa oncat. Aku wis krungu putusané Allah Kang Mahakwasa sing arep numpes sanegara kabèh.

23Rungokna tembungku. Gatèkna apa sing dakkandhakaké iki.

24Ora ana wong tani sing saben dina mung mluku lemahé waé lan nyawisaké lemah mau kenaa ditanduri.

25Sawisé lemahé digarap rak banjur nyebar winih jinten ireng lan jinten putih. Ing pinggiré disebari winih-winih liyané.

26Wong tani mau ngerti apa sing kudu dilakoni, merga wis didhawuhi déning Allah.

27Jinten ireng ora digebug nganggo penthung gedhé lan jinten putih ora digiles nganggo gilingan. Jinten ireng cukup digitik nganggo carang lan jinten putih nganggo welat tipis.

28Gandum ora diiles terus-terusan nganti ajur, nanging cukup digiles nganggo gilingan grobag tanpa ngremuk gandumé.

29Kawicaksanan iki pinangkané saka Allah Kang Mahakwasa. Rancangané Allah kuwi selawasé tliti lan kelakoné élok.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel