Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 31 >> 

1Wong sing padha mangkat menyang Mesir njaluk tulung bakal cilaka! Wong-wong mau padha ngendelaké kekuwatané Mesir: jarané, krétané perang lan prejurit-prejurité. Nanging padha ora ngendelaké Pangéran, Allahé Israèl Kang Mahakwasa. Padha ora nyuwun pitulungané.

2Panjenengané pirsa apa sing bakal ditindakaké! Panjenengané nekakaké karusakan, numpes wong duraka lan wong sing padha rujuk karo penggawéné.

3Wong Mesir kuwi dudu Allah !!— nanging mung manungsa lumrah. Jarané ora duwé kasektèn. Samasa Allah tumindak, bangsa sing gedhé pangwasané mau bakal ajur mumur, lan bangsa sing ditulungi bakal ambruk. Karo-karoné bakal tumpes.

4Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Senajan wong angon bengak-bengok sakayangé, ora bakal bisa nggusah singa sing mangsa wedhusé. Semono uga ora ana sing bisa ngalang-alangi enggon-Ku ngayomi Gunung Sion, mengkono pangandikané Allah Kang Mahakwasa.

5Kaya manuk sing nglayang ing sandhuwuré susuhé ngreksa anak-anaké, mengkono uga Pangéran Allah Kang Mahakwasa enggoné ngreksa lan ngayomi Yérusalèm."

6Pangandikané Pangéran, "Hé wong Israèl, kowé wis padha gawé dosa marang Aku lan nglawan Aku, nanging saiki padha mratobata, padha balia!

7Bakal tekan wektuné kowé kabèh padha mbuwang reca-recané brahalamu, sing dilapis slaka lan emas.

8Asyur bakal katumpes nganggo perang, nanging ora srana kekuwatané manungsa. Wong Asyur bakal keplayu ninggal peprangan, lan para nonomané bakal didadèkaké batur-tukon.

9Rajané saka girisé bakal keplayu lan para perwirané saka wediné bakal padha ninggal umbul-umbulé." Mengkono pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa, sing disembah lan kacaosan kurban ing Yérusalèm.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel