Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 33 >> 

1Mungsuh-mungsuh kita bakal padha nampa paukuman! Padha kaya dirampog lan kapusan, senajan ora ana sing ngrampog lan ora ana sing ngapusi. Sebab wektuné ngrampog lan ngapusi wis rampung, lan dhèwèké dhéwé bakal dadi kurban rampogan lan apus-apusan.

2Dhuh Allah, mugi melasi kawula. Kawula sami njagèkaken Paduka. Saben dinten kawula mugi Paduka reksa lan kaentasna ing mangsa karibedan.

3Menawi Paduka perang kanggé kawula, bangsa-bangsa badhé sami keplajeng margi gemuruhing peprangan.

4Barang darbèkipun badhé dipun serbu lan dipun jarah-rayah.

5Iba ageng kaluhuranipun Allah! Panjenengané ngwasani samubarang. Panjenengané bakal ngebaki Yérusalèm nganggo kabeneran lan keadilan,

6sarta paring kabegjan marang umaté. Umaté bakal direksa sarta diparingi kawicaksanan lan kawruh. Pangabekti marang Allah bakal dadi kasugihané.

7Para perwira bakal padha sambat-sambat njaluk tulung. Para utusan kang njaluk rukun padha nangis kelara-lara.

8Ing dalan-dalan gedhé bakal akèh bebayané, nganti wong padha wedi liwat kono. Prejanjian-prejanjian bakal diblénjani; ora ana wong sing digugu.

9Lemah padha bera lan ditinggal suwung. Alas-alasé Libanon padha alum; Lebak Saron sing loh malih dadi ara-ara samun. Ing Basan lan ing Gunung Karmèl godhongé wit padha gogrog.

10Pangandikané Allah marang para bangsa, "Saiki Aku bakal tumindak. Aku bakal nedahaké gedhéné pangwasa-Ku.

11Rancanganmu ora ana gunané, lan sapenggawému ora ana paédahé. Roh-Ku kaya geni sing memangsa lan numpes kowé.

12Kowé bakal remuk kaya watu gamping sing diobong kanggo gawé kapur, kaya eri sing diobong dadi awu.

13Sakèhé wong sing adoh utawa cedhak padha sumurupa apa sing wis Daktindakaké, lan ngakonana pangwasa-Ku."

14Wong ing Sion padha gawé dosa padha gemeter, pangucapé, "Keadilané Allah kuwi kaya geni sing murub sing ora sirep ing selawasé. Sapa sing betah ngadhepi geni sing kaya mengkono?"

15Wong sing betah yakuwi wong sing nglakoni kabeneran lan sing jujur. Pangwasamu aja kokenggo nganiaya wong miskin lan kowé aja nampani besel. Aja rerukunan karo wong sing ngrerancang gawé pati, utawa piala liyané.

16Yèn mengkono kowé bakal slamet. Kowé bakal krasa tentrem kaya wong sing ana ing bètèng sentosa. Kowé bakal ora kekurangan pangan lan ombèn-ombèn.

17Mbésuk kowé bakal ndeleng raja kang ngampil kamulyan ngerèh negara sing gedhé.

18Biyèn kowé wedi banget yèn ketekan tukang pajegé penjajah lan mata-matané; prekara kuwi bakal ora kokélingi menèh.

19Kowé bakal ora ndeleng menèh penjajah sing angkuh guneman nganggo basa sing ora kokngertèni tegesé.

20Delengen Sion, kutha panggonan kita mèngeti dina-dina riaya agama. Delengen Yérusalèm! Iba aman lan sentosané kutha kuwi. Kaya kémah sing ora bakal dielih, sing pathoké ora bakal dibedhol lan tali-taliné ora bakal diuculi.

21Pangéran bakal ngetingalaké kaluhurané. Kita bakal nyandhing kali lan kali akèh, nanging bakal ora ana prauné mungsuh sing lelayaran ing kono.

22(33:22-23) Tali-talining prau bakal ora kanggo. Layar-layaré ora prelu dijèrèng! Raja-branané mungsuh bakal kita rampas kabèh. Saking akèhé nganti wong lumpuh waé bisa olèh panduman. Pangéran piyambak sing bakal dadi raja kita. Panjenengané bakal ngerèh kita.

23(33:22)

24Ing tanah kita kono bakal ora ana wong lara, lan sakèhé dosa bakal diapura.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel