Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 34 >> 

1Hé para umat, padha majua! Padha ngumpula lan ngrungokna! Sakèhé wong kang ana ing bumi, padha majua lan ngrungokna.

2Pangéran duka marang para umat, lan marang para angkatan perangé. Kabèh wis padha kadhawahan paukuman.

3Jisimé bakal ora dikubur, gemléthak nganti bosok lan mambu. Punthuk-punthuk bakal dadi abang merga déning getih.

4Srengéngé, rembulan lan lintang-lintang sirna, langit digulung kaya kertas. Lintang-lintang bakal rontog kaya godhong sing gogrog saka wité.

5Gusti Allah wis nyawisaké pedhangé ana ing swarga, lan bakal tumuli nggebag Édom, bangsa sing wis ditibani paukuman karusakan.

6Pedhangé bakal gluput getih lan gajih, kaya getih lan gajihé wedhus sing dienggo kurban. Pangéran bakal ngasta kurban iki ana ing Bozra. Panjenengané bakal nganakaké pasembelèhan gedhèn ana ing tanah Édom.

7Ing kono wong-wong bakal padha ambruk kaya sapi lan kebo lanang. Bumi bakal dadi abang merga saka getih lan gajih sing kawutahaké ana ing kono.

8Yakuwi wektuné Pangéran ngluwari Sion lan males mungsuh-mungsuhé.

9Kali-kaliné Édom bakal malih dadi tir lan lemahé dadi lirang. Satanah kono kabèh bakal kobong kaya tir.

10Bakal murub rina lan wengi, lan kukusé bakal kemelun ing selawas-lawasé. Buminé bakal bera pirang-pirang abad lawasé. Ora ana wong sing gelem liwat kono menèh.

11Manuk beluk lan gagak bakal gentèn manggon ing kono. Gusti Allah bakal mbalèkaké tanah kono kaya kaanané jagad nalika durung dititahaké.

12Ora ana raja sing ngratoni tanah kono, lan para penggedhéné bakal ora ana kabèh.

13Mung eri lan bebondhotan bakal thukul ing kedhaton-kedhaton lan ing kutha-kutha sing dikubengi témbok-témbok. Asu ajag lan manuk beluk bakal padha manggon ing kono.

14Kéwan galak bakal padha saba mrono, lan para dhemit padha saban-sinaban. Dhemit sing metu bengi nemu panggonané kanggo ngaso.

15Manuk beluk bakal nusuh, ngendhog lan ngengremi piyiké, sarta diopèni. Mengkono uga manuk beri iya bakal padha nglumpuk mrono.

16Tlitinen lan wacanen ing Kitabé Pangéran bab titah-titah sing urip; apa sing disebut ana ing kono. Kéwan iki kabèh bakal ana ing kono, lan ora ana siji-sijia sing ora ana kancané. Kuwi wis dadi kersané Allah; Panjenengané piyambak kang nggathukaké para titah mau.

17Pangéran piyambak sing andum tanah marang saben titah dadi pandumané. Para titah mau bakal padha nampani pandumané lan manggon ing kono turun-temurun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel