Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 46 >> 

1Para déwané Babil wis tamat riwayaté! Bèl lan Nébo biyèn disembah-sembah, nanging saiki digawa kuldi, dadi momotané kéwan sing sayah.

2Déwa-déwa kuwi ora bisa nylametaké awaké dhéwé; padha ditawan lan diboyong saka panggonané. Saiki riwayaté déwa-déwa ing Babil wis tamat.

3"Hé turuné Yakub, lan umat-Ku liyané sing isih kari, padha ngrungokna marang Aku. Enggon-Ku ngrumati kowé kuwi wiwit kowé lair.

4Kowé Dakgéndhong wiwit isih bayi, mangka tekan umurmu wis tuwa lan kowé wis uwanen, Aku ora owah-gingsir. Aku sing nitahaké lan ngopèni kowé; iya Aku sing bakal ngluwari lan mitulungi kowé.

5‘Aku arep kokpadhakaké karo sapa?’ mengkono pangandikané Allah, ‘Apa ana wong liya sing kaya Aku?’

6Wong padha mbukak kanthongé dhuwit lan ngetokaké emas; banjur nimbang slaka nganggo timbangan. Banjur ngopahi tukang emas dikon gawé recaning déwané. Nuli padha nyembah sujud jèngkèng marang reca mau!

7Recané diangkat ing pundhaké, digawa lunga; didegaké ing papan sing wis dicawisaké, mula bisa ngadeg, nanging ora bisa lunga saka kono. Yèn ana wong sembahyang ing ngarepé, reca mau ora bisa mangsuli, lan ora bisa awèh pitulungan samasa ana reribed.

8Hé wong dosa, padha titènana, apa sing Daktindakaké.

9Padha ngélingana lelakon sing kepungkur; padha ngakonana yèn Aku dhéwé sing jumeneng Allah lan ora ana sing madhani.

10Wiwit-wiwitan mula Aku awèh weruh kepriyé bakal wekasané; wiwit jaman kuna Aku wis medharaké apa sing bakal kelakon. Aku ngandika yèn apa sing Dakkersakaké bakal kelakon lan Aku nindakaké manut kersa-Ku.

11Aku nimbali wong saka Wétan; timbalan-Ku bakal nyamber kaya manuk garudha lan Aku bakal nindakaké rancangan-Ku. Aku wis ngandika, lan kuwi mesthi kelakon. Aku wis ngrancang mengkono lan iku bakal Dakwujudaké.

12Hé umat sing wangkal atiné, padha ngrungokna pangandika-Ku. Kowé padha ngira yèn kemenangan tekané isih suwé.

13Nanging ora suwé menèh Aku bakal nekakaké dina kemenangan mau: dinané wis saya cedhak. Kemenangan-Ku bakal énggal teka. Yérusalèm bakal Dakslametaké, lan ana ing kana Aku bakal ngganjar kaluhuran marang Israèl."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel