Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 50 >> 

1Pangéran ngandika mengkéné, "Apa kokkira Aku nundhung kowé kaya carané wong lanang nundhung bojoné? Yèn ta mengkono, endi layangé pegat? Apa kokkira kowé Dakedol ana ing pembuwangan, kaya wong sing ngedol anaké dadi batur-tukon? Ora, enggonmu kabuwang kuwi merga saka dosa-dosamu; kowé katundhung merga saka enggonmu nerak dhawuh-dhawuh-Ku.

2Yagéné umat-Ku ora mreduli nalika arep Dakluwari? Yagéné ora mangsuli nalika Daktimbali? Apa Aku dianggep ora kwasa mitulungi? Aku bisa ngasataké segara lan kali-kali bisa Dakwalik dadi segara wedhi srana dhawuh-Ku, nganti iwak-iwak sing ana ing kono padha mati kasatan banyu.

3Langit bisa Daksandhangi ireng, kaya wong sing lagi kepatèn."

4Pangéran Kang Mahakwasa wis ndhawuhaké marang Aku prekara sing kudu Dakwartakaké, supaya Aku bisa nguwataké atiné wong sing lesu. Saben ésuk Aku didhawuhi ngrungokaké karo bungah apa sing bakal diwedharaké marang Aku.

5Aku diparingi pangertèn; lan Panjenengané ora Daktampik utawa Daksingkur.

6Geger-Ku Dakulungaké marang wong sing nggebugi Aku, lan wong sing ngina Aku ora Dakkon meneng. Jénggot-Ku Dakulungaké wong sing njabuti lan rai-Ku Dakulungaké wong sing ngidoni.

7Pamoyoké wong-wong mau ora gawé laraning ati-Ku, merga Aku dikuwataké déning Allah. Ati-Ku tatag, mula kuwat nadhahi sapenggawéné wong-wong mau. Aku ngerti yèn Aku bakal ora kwirangan.

8Awit Allah celak karo Aku, lan Panjenengané bakal mbuktèkaké yèn Aku ora salah. Sapa sing wani nggugat marang Aku? Ayo padha lapuran ana ing pengadilan! Karebèn wong kuwi ngajokaké pandakwané!

9Allah Kang Mahakwasa piyambak sing mbélani Aku, mula sapa sing bakal mbuktèkaké panerak-Ku? Wong sing padha nggugat Aku bakal sirna kabèh; bakal padha musna kaya sandhangan sing dipangan renget.

10Sapa kancamu sing ngabekti marang Allah lan mbangun-turut marang pangandikané Abdiné, samasa ngambah dalan sing peteng dhedhet pisan, precayaa marang Allah lan suméndhéa marang Panjenengané.

11Sapa sedulurmu sing ngrancang gawé piala marang liyan bakal katumpes déning rancangané dhéwé. Allah piyambak sing bakal ndadèkaké kuwi mau kelakon, mula bakal nandhang sangsara.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel