Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 52 >> 

1Yérusalèm tangia, tangia! Dadia kuwat lan sentosa menèh, kaya nganggo sandhanganmu sing bregas. Wong kapir bakal ora mlebu ing gapuramu menèh.

2Hé Yérusalèm, madega dadi negara merdika! Kebutna lebumu lan lungguha ing palenggahanmu! Uculna blengguné tanganmu, hé wong sing padha dikunjara ana ing Sion.

3Pangandikané Allah marang umaté mengkéné, "Nalika kowé dadi batur-tukon, kowé ora diedol; semono uga bareng saiki kowé merdika, kowé ora dituku.

4Nalika kowé lunga menyang tanah Mesir lan dadi wong neneka, kuwi metu saka karepmu dhéwé; kowé banjur ditawan lan digawa lunga déning wong Asyur; wong mau ora mbayar apa-apa kanggo nuku kowé.

5Mengkono sing saiki kelakon ing Babil. Kowé ditawan, ora dituku déning Babil. Sing ngerèh kowé padha umuk lan ngala-ala marang Aku.

6Bakal tekan wektuné kowé padha ngerti yèn Aku iki Allah lan medharaké prekara iki marang kowé."

7Iba olèhé nyenengaké tekané wong sing nggawa pawarta katentreman sing mbungahaké. Tekané wong mau nasak gunung-gunung. Kandhané, "Allahmu jumeneng raja!"

8Wong sing padha jaga ing kutha banjur padha surak-surak saka bungahé! Padha ndeleng saka cedhakan yèn Allah kondur menyang Sion!

9Hé Yérusalèm, kutha sing wis dadi gempuran. Giyak-giyaka merga saka bungah! Sebab Pangéran bakal mitulungi kowé lan nglipur marang umaté.

10Allah bakal ngagem pangwasané kang suci; kanggo nylametaké umaté, lan para bangsa bakal padha weruh kabèh.

11Metua saka Babil, hé sakèhé wong sing padha mikul praboté Pedalemané Allah! Aja ndemèk barang sing najis; jaganen kasucènmu lan mangkata!

12Saiki kowé ora prelu kesusu budhal; lan kowé ora prelu ngarah supaya bisa uwal saka mungsuhmu. Pangéran Allahmu bakal ngirid lakumu lan ngampingi kowé ing ngarep lan ing mburimu.

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Abdi-Ku bakal ngrampungaké kuwajibané kanthi sampurna; mulané bakal nampa kaurmatan gedhé!

14Wong sing nyawang padha kagèt banget; saking rusaking rupané nganti ora mèmper manungsa.

15Nanging saiki bangsa-bangsa bakal padha gumun, lan raja-raja bakal padha dheleg-dheleg kamitenggengen nyawang marang Panjenengané. Bakal padha ngerti lan ngerti prekara sing durung tau disipati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 52 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel