Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 62 >> 

1Aku bakal ngandika kanggo nggedhèkaké atiné Yérusalèm; bakal ora meneng-meneng enggon-Ku nglipur nganti Yérusalèm kaslametaké, lan karahayoné sumunar kaya obor ing wayah bengi.

2Yérusalèm, para bangsa bakal padha ndeleng karahayonmu! Para raja bakal padha weruh kamulyanmu, lan kowé bakal kasebut nganggo jeneng anyar, sing diparingaké déning Pangéran piyambak.

3Kowé bakal kaya makuthané Allah sing éndah, lan makutha kraton ana ing astané Pangéran.

4Kowé bakal ora diarani: "Wong sing ditinggal ijèn". Lan tanahmu bakal ora karan: "Bojo sing dipegat". Jenengmu anyar yakuwi: "Kang gawé renané penggalih-Ku," lan tanahmu bakal kasebut: "Jejodhoan sing begja". Merga Pangéran ngasihi kowé, lan bakal ngasihi tanahmu kaya garwané.

5Kaya jaka sing kawin karo prawan, kaya pengantèn lanang sing dhemen karo sisihané, mengkono Pangéran enggoné bungah merga kowé.

6Hé Yérusalèm, Aku wis nugasaké wong jaga ana ing bètèngmu, sing rina wengi ora kena ngaso, ngémutaké Aku marang janji-Ku karo kowé, supaya Aku ora kesupèn.

7Para wong jaga mau aja lèrèn-lèrèn nyuwun marang Pangéran, nganti Yérusalèm rampung kabangun, dadi kutha sing misuwur ana ing bumi.

8Pangéran wis janji nganggo sumpah, lan bakal nindakaké ngagem pangwaosé, "Gandummu mesthi ora bakal Dakparingaké menèh marang para mungsuhmu, lan bakal ora kelakon menèh wong manca ngombé anggur sing kokolah kanthi tlatèn.

9Nanging kowé sing nandur lan kowé sing panèn, lan ya kowé sing bakal mangan gandummu karo memuji marang Allah. Kowé sing ngrumati lan ngolah anggurmu, iya kowé sing bakal ngombé ana ing platarané Pasucèn-Ku."

10Hé wong ing Yérusalèm, padha metua! Padha gawéa dalan kanggo umat sing padha mulih! Cawisna dalan gedhé, watu-watuné singkirna! Masanga pretandha supaya bangsa-bangsa padha weruh.

11Yèn Pangéran ngumumaké marang sakèhé bangsa mengkéné, "Wong-wong ing Yérusalèm kandhanana, yèn Pangéran bakal rawuh ngluwari kowé, lan ngirid wong-wong sing dislametaké."

12Kowé bakal kasebut: ‘Bangsa sing suci’, ‘Bangsa sing dislametaké déning Pangéran’. Yérusalèm bakal kasebut: ‘Kutha sing dikasihi déning Allah’, ‘Kutha sing ora ditilar déning Allah’.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 62 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel