Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 66 >> 

1Pangandikané Allah mengkéné, "Swarga kuwi dhampar-Ku, lan bumi dadi ancik-anciké sampéyan-Ku. Pedaleman kaya apa sing arep kokyasa kanggo Aku, lan panggonan kepriyé sing pantes Dakenggoni?

2Aku dhéwé sing nitahaké jagad sing jembar iki! Aku rena karo wong sing andhap-asor, sing nlangsani dosané, sing wedi-asih karo Aku lan nglakoni dhawuh-Ku.

3Wong padha urip sasenengé dhéwé. Kanggoné wong mau padha waé, apa kurban sing disaosaké mau sapi apa manungsa, nyembelèh wedhus, apa nyembelèh asu; apa sing disaosaké gandum apa getihing babi; apa enggoné ngobong menyan kanggo sembahyang marang Allah, apa kanggo nyembah brahala. Padha seneng ngabekti nganggo cara sing nistha.

4Aku bakal nekakaké karusakan sing gawé girising atiné, merga yèn Daktimbali padha ora mangsuli, lan yèn Aku ngandika padha ora ngrungokaké. Padha milih nglawan Aku lan nglakoni piala."

5Padha ngrungokna pangandikané Pangéran, hé wong sing ngabekti lan mbangun-turut marang Allah, "Merga saka enggonmu setya marang Aku, kowé nganti disengiti déning sanak-kadangmu dhéwé, mula wong-wong mau padha ora gelem sesrawungan karo kowé. Kowé padha dipoyoki, kandhané, ‘Mbok Gusti Allah aturana ngetingalaké kwasané mitulungi kowé, dadi aku padha weruh kabungahanmu.’ Nanging sejatiné wong-wong mau bakal padha kwirangan!

6Rungokna! Swara sing gumuruh saka kutha, swara saka Pedalemané Allah. Kuwi swarané Allah sing males marang para satruné!

7Negaraku sing suci kuwi kaya wong wadon sing dadakan nglairaké anak tanpa nganggo nglarani.

8Apa tau ana lelakon sing kaya mengkono? Apa ana bangsa sing kalairaké sajroné sedina? Sion ora prelu nandhang sangsara suwé nalika nglairaké bangsa iki.

9Aja dikira yèn wis tekan titi-mangsané lair, ora Daklairaké! Pangéran Allah sing ngandika.

10Mulané Yérusalèm, kowé bungah-bungaha. Padha bungah-bungaha krana Yérusalèm, hé wong kabèh sing tresna karo kutha kuwi! Sakèhé wong sing padha mrihatinaké, padha bungah-bungaha karo Yérusalèm saiki uga!

11Kowé bakal padha ngrasakaké kamuktèné, kaya bayi sing nusu biyungé."

12Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kowé bakal Dakparingi kemakmuran sing ora entèk-entèk; kasugihané bangsa-bangsa bakal Daklubèraké marang kowé kaya kali sing ora tau asat. Kowé bakal kaya bayi sing disusoni déning biyungé, digéndhong lan dikudang.

13Kaya mengkono bakal enggon-Ku nyenengaké atiné Yérusalèm, kaya biyung sing nglipur marang anaké.

14Kowé bakal nyipati kuwi mau kabèh, nganti kowé bakal bungah, lan merga saka kuwi awakmu bakal dadi waras lan rosa. Srana mengkono kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, sing mitulungi wong sing mbangun-turut, lan ngukum wong sing nglawan marang Aku."

15Gusti Allah bakal rawuh ngasta geni. Panjenengané bakal nitih swiwining lésus ndhawahaké paukuman marang wong-wong sing padha nekakaké paukumané.

16Saben wong sing salah bakal diukum srana geni lan pedhang, lan akèh sing bakal padha mati.

17Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wektuné wis ora suwé menèh kanggoné wong sing padha nyembah brahala, sing padha mlaku ing arak-arakan menyang taman-taman kramat, sing mangan daging babi lan tikus, sarta pangan liya-liyané sing najis.

18Aku pirsa gagasané lan penggawéné. Aku bakal rawuh lan nglumpukaké bangsa-bangsa kabèh. Yèn wis padha ngumpul, bakal padha ndeleng sepira gedhéné pangwasa-Ku.

19Mula bakal padha weruh yèn Aku iki sing ngukum wong-wong mau. Nanging Aku bakal nisihaké wong sawetara saka ing antarané, sing bakal Dakutus menyang tanah-tanah adoh, sing durung padha krungu asma-Ku lan nyipati gedhéning pangwasa-Ku, yakuwi menyang Spanyol, Libia lan Lida, sing wong-wongé pinter manah, mengkono uga menyang Tubal lan Yunani. Para utusan mau bakal martakaké kaluhuran-Ku ana ing tengahé bangsa-bangsa kapir mau.

20Sarta bakal padha ngirid bali sedulur-sedulurmu sing ana ing tanahé bangsa kapir, dadi pisungsung marang Aku. Tekané ing gunung-Ku sing suci bakal padha nunggang jaran, bihal lan unta, malah ana sing nunggang tandhu lan kréta. Carané kaya wong Israèl enggoné nggawa kurban dhaharan menyang Pedalemané Allah, ana ing wadhah suci.

21Ing antarané wong-wong mau ana sawetara sing bakal Dakpundhut, Dakdadèkaké imam lan pembantu ana ing Pedalemané Allah.

22Padha kaya langit anyar lan bumi anyar sing bakal Daktitahaké mau, bakal langgeng merga déning pangwasa-Ku, kaya mengkono uga anak-turunmu lan jenengmu bakal lestari ing selawasé.

23Sarta bakal kelakon saben pendhak tanggal sepisan lan pendhak Sabbat wong saka saben bangsa bakal teka sujud ngabekti marang Aku ana ing Yérusalèm kéné," mengkono pangandikané Pangéran.

24"Ana déné samasa mundur saka kono bakal padha weruh jisimé wong-wong sing padha murtad lan padha nglawan marang Aku. Singgat sing mangan wong-wong mau bakal ora mati lan geni sing ngobong wong-wong mau bakal ora disirep. Sesawangan sing mengkono mau bakal gawé girising atiné para umat kabèh."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 66 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel