Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 13 >> 

1Bareng dina Riaya Paskah kurang sedina, Gusti Yésus pirsa yèn wis tekan wektuné Panjenengané nilar jagad iki lan kondur menyang ngarsané Sang Rama. Panjenengané tresna marang para kagungané kang ana ing jagad, lan enggoné nresnani nganti tekan ing wekasan.

2Nalika semana ing wayah bengi Gusti Yésus lan para sekabat lagi padha dhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atiné Yudas Iskariot, supaya ngulungaké Gusti Yésus.

3Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengané uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal kondur menyang ngarsané Allah.

4Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké kain mau ana ing lambungé.

5Panjenengané banjur ngesok banyu ana ing pengaron, sarta wiwit misuhi sikilé para sekabat; sawisé kuwi banjur dilapi nganggo kain sing diubetaké ana ing lambungé mau.

6Bareng tekan gilirané Simon Pétrus, Simon matur: "Gusti, prelunipun menapa Panjenengan misuhi suku kawula?"

7Pangandikané Gusti Yésus: "Saiki kowé durung ngerti apa maknané sing Daktindakaké iki, nanging mengko kowé bakal ngerti."

8"Sampun ngantos, Gusti," aturé Pétrus, "Panjenengan sampun ngantos misuhi suku kawula!" Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: "Yèn kowé ora gelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadi murid-Ku."

9Wangsulané Simon Pétrus: "Menawi mekaten Gusti, sampun ngemungaken suku ingkang dipun wisuhi, nanging ugi tangan lan sirah kawula!"

10Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing wis adus, badané sakojur wis resik, wong kuwi ora prelu didusi menèh. Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowé pancèn wis padha resik, nanging ora kabèh."

11(Gusti Yésus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: "Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.")

12Sawisé Gusti Yésus rampung enggoné misuhi sikilé para sekabat, Panjenengané nuli ngagem jubahé menèh, sarta wangsul lenggah. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabaté mengkéné: "Apa kowé ngerti tegesé apa sing mentas Daktindakaké marang kowé mau?

13Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Lan panyebutmu kuwi bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti.

14Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lan Gurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowé iya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.

15Enggon-Ku mènèhi tuladha marang kowé kabèh kuwi supaya kowé padha nglakonana kaya sing wis Daktindakaké marang kowé.

16Padha éling-élingen; batur kuwi ora ngungkuli bendarané, lan utusan ora ngluwihi sing ngutus.

17Saiki kowé wis padha ngerti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni.

18Kandha-Ku iki ora kanggo kowé kabèh, lan Aku ngerti sapa waé sing wis Dakpilih. Nanging apa sing katulisan ana ing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mau surasané mengkéné: ‘Tiyang ingkang sesarengan nedha roti kaliyan Kawula, menika badhé nglawan Kawula!’

19Kowé saiki padha Dakwènèhi weruh sadurungé prekara kuwi kelakon, supaya yèn mengko kelakon, kowé padha precaya yèn Aku iki Panjenengané kang disebut ‘Aku iki Panjenengané Kang Ana.’

20Padha titènana: Sapa sing nampa wong sing Dakutus, kuwi ateges nampani Aku dhéwé. Lan sapa sing nampa Aku, kuwi ateges nampani Gusti Allah, sing ngutus Aku."

21Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. Nuli Panjenengané ngandika blak-blakan: "Kowé padha Dakkandhani sing satemené: Panunggalanmu salah siji bakal ngulungaké Aku."

22Para sekabat padha bingung, sarta padha pandeng-pandengan, merga padha ora ngerti sapa sing dikersakaké.

23Sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus, linggih ana ing sisihé,

24disasmitani déning Simon Pétrus, supaya nyuwun pirsa, sapa sing dikersakaké mau.

25Sekabat mau nuli nyedhaki Gusti Yésus lan nyuwun pirsa: "Sinten tiyangipun menika, Gusti?"

26Pangandikané Gusti Yésus: "Aku arep nyelupaké roti ana ing mangkok; wong sing nuli Dakulungi roti mau, yakuwi wongé." Gusti Yésus nuli mundhut roti secuwil, banjur dicelupaké ana ing mangkok; sawisé kuwi roti mau banjur diulungaké marang Yudas anaké Simon Iskariot.

27Bareng Yudas nampani roti mau, sanalika iku uga Iblis ngangslupi. Gusti Yésus nuli ngandika marang Yudas: "Énggal lakonana apa sing dadi sedyamu!"

28Ora ana wong siji-sijia ing antarané sing padha linggih ana ing kono ngerti, apa sebabé Gusti Yésus ngandika mengkono marang Yudas.

29Ana sing ngira, yèn Gusti Yésus ngutus Yudas tuku apa-apa sing dibutuhaké kanggo riaya, utawa bisa uga Gusti Yésus ndhawuhi Yudas mènèhi dhuwit marang wong-wong miskin, sebab Yudas kuwi sing tukang nyekel dhuwit.

30Sawisé nampa roti mau, sanalika Yudas banjur metu. Nalika semana wayahé wis bengi.

31Sawisé Yudas lunga, Gusti Yésus nuli ngandika: "Saiki Putrané Manungsa bakal kamulyakaké.

32Lan lantaran Putraning Manungsa mau kamulyané Gusti Allah iya bakal kebabar. Yèn kamulyané Gusti Allah kebabar lantaran Putraning Manungsa, nuli kamulyaning Putrané Manungsa iya bakal diketingalaké déning Gusti Allah piyambak. Lan kuwi kabèh bakal tumuli kelakon.

33Anak-anak-Ku, enggon-Ku kumpul karo kowé kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki Aku, nanging kaya sing wis Dakkandhakaké marang wong Yahudi, mengkono uga saiki Dakkandhakaké marang kowé: Kowé ora bisa mara ing panggonan sing arep Dakparani.

34Kowé padha Dakwènèhi pepakon anyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggon-Ku nresnani kowé, mengkono uga kowé padha tresna-tinresnana.

35Titikané enggonmu padha dadi murid-Ku, yakuwi menawa wong kabèh padha neksèni enggonmu tresna-tinresnan."

36Simon Pétrus matur marang Gusti Yésus: "Gusti badhé tindak dhateng pundi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Aku lunga menyang panggonan sing kowé ora bisa marani mrana, nanging mbésuk kowé bakal mèlu Aku."

37Pitakoné Pétrus: "Guru, kénging menapa kula mboten saged ndhèrèk Panjenengan? Kula wantun pejah kagem Panjenengan."

38Pangandikané Gusti Yésus: "Temenan? Kowé wani mati temenan kanggo Aku? Rungokna sing becik: Mengko sadurungé jago kluruk, kowé bakal ngaku, yèn kowé ora wanuh karo Aku, nganti ambal ping telu!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel