Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 2 >> 

1Yosua banjur ngutus telik loro saka palèrènan ing Lebak Sitim menyang tanah Kenaan. Telik loro mau didhawuhi nitipriksa kaanané tanah Kenaan, luwih-luwih kutha Yérikho. Wong loro mau banjur padha mangkat, lan nginep ing kutha kono, ing omahé wanita tuna susila, jenengé Rahab.

2Ana wong sing matur karo raja ing Yérikho, yèn bengi kuwi ana telik wong Israèl sawetara padha teka mlebu kutha Yérikho.

3Raja mau nuli utusan wong menyang omahé Rahab lan kandha mengkéné, "Wong-wong sing padha nginep ing omahmu kéné arep nitipriksa kaanané kutha Yérikho kabèh! Mulané konen padha metu!"

4(2:4-6) Wangsulané Rahab, "Pancèn wonten tiyang mriki, nanging kula mboten ngertos dhatengipun saking pundi. Kala wau sadèrèngipun gapura katutup, ing wanci serap, sampun sami késah. Lan kula mboten takèn dhateng pundi késahipun. Nanging menawi samenika énggal-énggal sampéyan oyak, kula kinten tiyangipun saged kecepeng." (Mangka nyatané Rahab wis ndhelikaké telik loro mau ana ing lotènging omahé, ditutupi damèn.)

5(2:4)

6(2:4)

7Utusané raja mau nuli lunga, lan sawisé padha metu saka ing kutha, gapurané nuli énggal-énggal ditutup menèh. Enggoné ngoyak telik-telik Israèl mau nganti tekan sabrangané Kali Yardèn.

8Bengi kuwi uga, sadurungé para telik Israèl mau padha turu, Rahab munggah ing lotèng,

9sarta kandha mengkéné, "Kula ngertos, yèn Gusti Allah sampun maringaken tanah ngriki dhateng sampéyan, lan tiyang-tiyang ing ngriki sami ajrih sedaya.

10Kula sampun sami mireng pawartosipun Gusti Allah enggènipun ngasataken toyaning Seganten Teberau ing ngajeng sampéyan, nalika sampéyan medal saking tanah Mesir. Kula inggih sampun mireng Sihon lan Og, raja-rajanipun tiyang Amori, sampéyan pejahi ing sawétanipun Lèpèn Yardèn.

11Sareng mireng criyos-criyos menika manah kula sami ajrih sanget. Tiyang ing ngriki sedaya sami geter, telas manahipun ngadhepi sampéyan. Pangéran Allah sampéyan menika Allahing langit lan bumi.

12(2:12-13) Samenika mugi sampéyan sami supaos demi Allah sampéyan, yèn sampéyan badhé damel saé dhateng kula lan brayat kula, kados déné enggèn kula sampun damel saé dhateng sampéyan. Panyuwun kula mugi sampéyan sumpah demi Allah sampéyan, bilih sampéyan inggih badhé damel saé dhateng kulawarganipun bapak kula; sarta paringa pretandha ingkang cetha dhateng kula, bilih sampéyan badhé milujengaken bapa-biyung kula, inggih sedhèrèk kula jaler lan èstri dalah brayat-brayatipun sedaya!"

13(2:12)

14Wangsulané telik loro mau, "Kula sami janji, samasa Allah maringaken tanah ngriki dhateng kula, mesthi kula badhé damel saé dhateng sampéyan sedaya, angger sampéyan mboten criyos-criyos dhateng tiyang sanès, yèn kula wonten ngriki. Kula wantun pejah samasa mboten netepi janji menika."

15Omahé Rahab kuwi ana ing sandhuwuré témboké kutha. Rahab banjur ngudhunaké wong loro mau nganggo tali metu saka ing jendhéla.

16Kandhané Rahab, "Prayoginipun sampéyan késah dhateng paredèn, supados tiyang-tiyang ingkang dipun utus déning Sang Raja madosi sampéyan, mboten saged manggihaken sampéyan. Menawi sampun ndhelik wetawis tigang dinten wonten ing ngrika, sampéyan saged nglajengaken lampah malih."

17Telik loro mau banjur kandha karo Rahab mengkéné, "Kula sampéyan akèn janji; janji wau badhé kula tetepi.

18Ngaten kémawon, mbénjing samasa kula nyerang kitha ngriki, tangsul abrit menika sampéyan klèwèraken ing jendhéla ingkang kula anggé medhak wau. Bapa lan biyung sampéyan, sedhèrèk-sedhèrèk lan kulawarganipun bapa sampéyan, sampéyan klempakna ing griya ngriki.

19Yèn wonten salah setunggal ingkang medal saking griya lajeng pejah, menika lepatipun piyambak, sanès lepat kula. Yèn wonten tiyang ing griya ngriki ngantos ketaton, kula ingkang tanggel jawab.

20Nanging menawi sampéyan criyos-criyos dhateng tiyang sanès bab enggèn kula wonten ngriki, kula luwar saking janji kula."

21Rahab nyetujoni rembugé telik mau lan banjur dipamiti. Rahab banjur nalèkaké tali abang mau ana ing jendhélané.

22Telik loro mau mlaku tekan pegunungan sarta ndhelik ana ing kono. Para utusané raja ndlajahi daérah kono nggolèki telik loro mau nganti telung dina lawasé, nanging ora bisa nemokaké. Mulané banjur padha bali menyang Yérikho.

23Telik loro mau banjur medhun saka pegunungan lan nyabrang Kali Yardèn. Kabèh sing padha dialami dicritakaké marang Yosua.

24Lapuran mau dipungkasi srana matur, "Èstu, negari menika sawetahipun sampun kaulungaken déning Allah dhateng tangan kita. Tiyang ing ngrika sedaya sami ajrih dhateng kita."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel