Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 2 >> 

1Ana ing sajroning wetengé iwak mau Nabi Yunus ndedonga marang Pangéran Allah mengkéné,

2"Ing salebeting kasangsaran kawula sesambat dhateng Paduka, dhuh Allah, sarta Paduka inggih nunten paring wangsulan. Saking tengahing donyanipun tiyang pejah kawula nyuwun tulung, lan Paduka inggih nunten miyarsakaken.

3Kawula Paduka bucal dhateng panggènan ingkang lebet, ngantos dumugi ing dhasaring seganten. Kawula kinepung ing toya, Paduka ndhatengaken alun lan ombak ageng, sami ngurugi kawula.

4Rumaos kawula: Kawula sampun kasingkiraken saking ngarsa Paduka, lan mboten badhé sumerep Pedaleman Paduka malih.

5Kawula sampun kleleb ing toya lan badan kawula sekojur sampun teles sedaya; kawula sampun kapendhem wonten ing seganten, lan sirah kawula sampun ginubed déning rumput seganten.

6Kawula sampun ambles dumugi ing dhasaripun gunung-gunung, lan mlebet ing negari ingkang gapuranipun kakancing ing selaminipun. Nanging Paduka, dhuh Allah, sampun ngentas kawula saking tengahing seganten, mila kawula gesang.

7Nalika kawula kraos kados-kados nyawa kawula sampun badhé ical, kawula lajeng ndedonga dhateng Paduka, dhuh Allah, lan saking Pedaleman Paduka ingkang suci. Paduka miyarsakaken atur kawula.

8Tiyang ingkang nyembah dhateng brahala ingkang tanpa gina, menika sami nilar kasetyanipun dhateng Paduka.

9Nanging kawula badhé memuji ngluhuraken asma Paduka. Paduka badhé kawula saosi kurban; sarta kawula badhé ngluwari janji kawula. Keslametan kuwi asalé saka Pangéran!"

10Pangéran banjur ndhawuhi iwak mau, lan Nabi Yunus diwutahaké ana ing dharatan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yunus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel