13:7Katresnan kuwi ora tau nyemplahaké lan precaya marang kabecikan, pengarep-arepé lan kesabarané ora ana pedhoté.
13:8Katresnan kuwi ora ana watesé. Wangsit-wangsit mono mung kanggo sawetara mangsa. Caturan nganggo basa roh kuwi bakal sirep, lan kawruh uga bakal sirna.
13:13Cekaké telung prekara iki sing prelu, yakuwi precaya, pengarep-arep lan katresnan; nanging sing penting dhéwé ing antarané telu kuwi: katresnan.