Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 13 >> 

1Sanadyan aku bisa ngucapaké sarupaning basané manungsa lan malaékat, nanging yèn sepi ing katresnan, aku padha baé kaya gong kang ngumandhang utawa kecèr kang gumenjrèng.

2Sanadyan aku kadunungan peparing bisa medhar wangsit, ngerti sarupaning wewadi lan sumurup sakèhé kawruh, sarta sanadyan aku duwé pangandel kang sampurna nganti bisa mindhah gunung, nanging yèn aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.

3Lan sanadyan aku ndanakaké sabarang darbèkku kabèh, malah sanadyan aku masrahaké badanku supaya diobong, nanging yèn sepi ing katresnan, iku ora maédahi apa-apa marang aku.

4Katresnan iku sabar; katresnan iku loma; ora kumèrèn, ora gumunggung lan kumenthus.

5Katresnan iku ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.

6Katresnan iku ora bungah awit saka anané tumindak kang ora adil, nanging awit saka kayektèn.

7Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.

8Katresnan iku ora ana entèké; pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasané; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna.

9Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna.

10Nanging satekané kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.

11Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku wus diwasa, kaananku kaya bocah mau wus dakbuwang.

12Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging bésuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging bésuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.

13Dadiné kari telung prakara iki, yaiku: Pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhéwé ing antarané iku, yaiku: katresnan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel