Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 1 >> 

1Saka Paulus, Silwanus lan Timotius marang pasamuwané wong-wong ing Tésalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yésus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh.

2Aku tansah padha saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh sarta ngélingi kowé ana ing pandongaku.

3Sabab aku tansah padha éling marang pagawéaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta anteping pangarep-arepmu marang Gusti kita Yésus Kristus ana ing ngarsané Allah lan Rama kita.

4Sarta aku padha sumurup, hé para Sadulur kang kinasihan déning Allah, yèn Panjenengané wis milih kowé kabèh.

5Awit Injil kang kita wartakaké iku, mungguhing kowé kabèh iku ora mung lantaran tembung-tembung baé, nanging uga kalawan daya-kakuwataning Roh Suci sarta kalawan katamtuan kang mantep. Pancèn kowé padha sumurup, kepriyé anggonku padha makarya ana ing antaramu marga saka kowé kabèh.

6Lan kowé wus padha nulad aku sarta nulad Gusti; sajroning kasangsaran kang banget, kowé wus padha nampani pangandika iku kalawan bungah marga saka pakaryané Roh Suci,

7satemah kowé padha dadi tuladha tumrap wong kabèh kang pracaya ing tlatah Makédonia lan Akhaya.

8Amarga saka ing antaramu pangandikané Gusti ngumandhang ora mung ana ing Makédonia lan ing Akhaya baé, nanging ana ing sakèhing panggonan wis kawentar kabar bab pracayamu marang Allah, mulané aku wis ora susah ngandhakaké apa-apa bab iku.

9Sabab wong-wong iku dhéwé kang wis padha nyritakaké bab aku sakanca, kepriyé anggonmu padha ngrengkuh aku kabèh, sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala banjur mratobat marang Allah tuwin leladi marang Panjenengané kang gesang lan sejati,

10sarta kanggo nganti-anti rawuhé Sang Putra saka ing swarga, kang wis kawungokaké saka antarané wong mati, yaiku Yésus, kang ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal kelakon.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tesalonika 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel