Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 3 >> 

1Sarèhné aku wis padha ora betah ngampet kangenku, mulané aku padha sarujuk yèn aku dhéwé kèri ana ing Aténa,

2banjur padha kongkonan Timotius, sadulur kita tunggal pracaya lan kanca tunggal pakaryané Allah bab martakaké Injilé Kristus, supaya nyantosakaké atimu lan mituturi kowé kabèh bab pracayamu,

3murih aja ana wong kang goyah pracayané marga saka kasusahan-kasusahan iki. Kowé dhéwé padha sumurup, yèn kita iki padha kagadhang mangkono.

4Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowé wis padha dakkandhani, menawa kita bakal padha ngalami panguya-uya. Lan kaya kang wis padha koksumurupi, iku mau wis kelakon.

5Iya iku sababé, nalika wis ora betah manèh, aku nuli kongkonan Timotius, supaya aku sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, menawa kowé wis padha kacoba déning si panggodha sarta menawa pambudi-dayaku kabèh dadi tanpa guna.

6Nanging saiki, bareng Timotius wis bali saka panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahaké bab pracayamu lan katresnanmu, apadéné bab anggonmu padha tansah ngéling-éling apa kang becik ing ngatasé aku kabèh lan bab anggonmu kepéngin ketemu karo aku kabèh, kayadéné anggonku kabèh uga padha kepéngin ketemu karo kowé,

7mulané, para Sadulur, ana ing sajroning panganiyaya lan sangsara, aku padha kalipur marga saka kowé lan marga saka pracayamu.

8Saiki aku padha krasa urip manèh, anggeré kowé padha tetep-mantep ana ing Gusti.

9Amarga apa ta kang padha kena daksaosaké marang Allah minangka panuwun sokur tumrap sakèhing kabungahan kang wis padha daktampani marga saka kowé kabèh ana ing ngarsané Allah kita?

10Rina-wengi aku padha ndedonga kanthi adreng, supaya bisa ketemu adu-arep karo kowé lan nyampurnakaké kakuranganing pracayamu.

11Muga-muga Panjenengané, Allah lan Rama kita, sarta Yésus, Gusti kita, karsa paring wewengan marang aku kabèh, supaya padha bisa ketemu kowé.

12Muga Gusti karsa ndadèkaké saya wuwuh lan lubèring katresnanmu marang padha sadulur lan marang wong kabèh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowé.

13Muga Panjenengané karsa nyantosakaké atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsané Allah lan Rama kita, samangsa rawuhé Yésus, Gusti kita, ginarebeg sakèhing para suci kagungané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel