1Supaya kita mardika temenan, Kristus wus mardikakaké kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem dietrapi pasangan pangawulan manèh.
2Satemen-temené, aku, Paulus pitutur marang kowé: Menawa kowé tetak, Kristus bakal ora migunani babar pisan tumrap kowé.
3Sapisan manèh dakpituturaké marang saben wong kang tetak, menawa wong iku wajib nglakoni sakèhing angger-anggering Torèt.
4Menawa kowé ngarah supaya kaanggep bener marga saka angger-anggering Torèt, kowé dadiné uwal saka Kristus; kowé urip ing sanjabaning sih-rahmat.
5Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti padha kabeneraké kaya kang kita arep-arep.
6Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Kristus Yésus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paédahé, kajaba mung pracaya kang tumindaké kalawan katresnan.
7Biyèn anggonmu mèlu tetandhingan iku kalawan becik. Sapa ta kang memalangi kowé, satemah kowé banjur ora manut ing kayektèn manèh?
8Pambujuk supaya ora manut manèh iku ora saka Panjenengané, kang nimbali kowé kabèh.
9Ragi sathithik wis bisa njalari jladrèné mekar.
10Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowé, menawa kowé ora nduwèni panemu liya kajaba panemu iki. Nanging sapa kang ngisruhaké kowé, iku bakal nyangga paukumané, sanadyan sapa baé wong iku.
11Lan manèh, tumrap aku, Sadulur-sadulur, menawa aku isih martakaké bab tetak, généya aku isih dikuya-kuya? Sabab yèn mangkono, salib iku ora dadi sandhungan manèh.
12Beciké wong-wong kang padha mbujuki kowé iku padha ngebiria awaké sisan baé!
13Para Sadulur, kowé wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowé migunakaké kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap urip tata kadagingan, nanging padha ladèn-linadènana srana katresnan.
14Sabab angger-anggering Torèt kabèh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku, "Sira tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé."
15Déné menawa kowé padha kerah lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti padha tumpes-tinumpes.
16Maksudku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, satemah kowé ora nuruti pepénginaning daging.
17Awit pepénginaning daging iku nyulayani karsané Roh lan karsané Roh iku nyulayani pepénginaning daging -- awit sakaroné padha lelawanan -- satemah kowé saben-saben ora nindakaké apa kang kokkarepaké.
18Ananging menawa kowé padha masrahaké awakmu supaya dituntun déning Roh, mesthi kowé padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt.
19Déné panggawéning daging wus cetha: laku cabul, laku rusuh, hawa napsu,
20panyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, kamèrèn, kanepson, pamrih, padudon, cecongkrahan,
21drengki, endem-endeman, ropyan-ropyan lan sapanunggalané. Tumrap sakabèhé iku kowé dakélingaké -- kaya kang wus daktindakaké biyèn -- menawa sapa kang nindakaké bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal tampa warisan Kratoning Allah.
22Déné wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sarèh, paramarta, kabecikan, kasetyan,
23alusing budi, bisa ngemudhèni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan iku mau kabèh.
24Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus, iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané.
25Menawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun déning Roh
26lan kita aja mendem drajad, aja padha tantang-tantangan, sarta aja padha drengki.