Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 2 >> 

1Bareng ing dina riyaya Péntakosta, wong-wong kabèh padha nglumpuk.

2Dumadakan ana swara saka langit, saèmper sumiyuting angin gedhé, kang ngèbeki saomah kang kanggo lelungguhan,

3banjur padha ndeleng urubing geni ilat-ilatan, kang ambyar lan nibani saben wong mau kabèh.

4Tumuli wong kabèh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, kaya kang kawisikaké déning Roh iku supaya kaucapaké.

5Nalika samana ing Yérusalém ana wong-wong Yahudi kang salèh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit.

6Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akèh padha teka kumrubut sarta padha gumun, amarga saben wong krungu para rasul lan para murid iku padha guneman nganggo basané wong-wong mau.

7Kabèh padha njenger kaéraman, banjur padha ngucap, "Wong-wong kang padha guneman iku rak wong Galiléa, ta?

8Kepriyé déné kita dhéwé-dhéwé padha krungu anggoné guneman nganggo basa kita dhéwé, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita:

9kita iki wong Partia, Média, Élam, kang padha manggon ing Mésopotamia, Yudéa lan Kapadokia, Pontus lan Asia,

10Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkoné Libia kang cedhak karo Kiréné, wong-wong neneka saka Roma,

11iya wong Yahudi iya wong kang ngrasuk agama Yahudi, wong Kréta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha guneman nganggo basa kita dhéwé-dhéwé bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakaké déning Allah."

12Kabèh padha kaéraman sarta bingung lan padha takon-tinakon, mangkéné,

13"Apa ta tegesé iki?" Nanging wong liyané ana kang moyoki, ujaré, "Wong iku rak lagi padha mabuk anggur manis."

14Pétrus tumuli jumeneng dalah para kanthiné sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau, "Para Sadhèrèk Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami manggèn ing Yérusalèm, mugi sami nggatosaken saha ngretos punapa ingkang kula andharaken.

15Tiyang-tiyang punika mboten sami mabuk, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga énjing.

16Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken déning Allah lumantar Nabi Yoèl makaten:

17Bésuk ing dina-dina kang wekasan -- mangkono pangandikané Allah -- Ingsun bakal ngesokaké Rohingsun marang sakèhing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha nampa wahyu, sarta wong-wongira kang wus tuwa bakal padha olèh impèn.

18Uga para abdiningsun lanang lan wadon bakal sunesoki Rohingsun ing dina-dina iku, lan bakal padha medhar wangsit.

19Sarta Ingsun bakal nganakaké kaélokan-kaélokan ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus.

20Srengéngé bakal dadi peteng ndhedhet lan rembulan bakal dadi getih sadurungé tekan dinaning Pangéran kang agung lan luhur iku.

21Anadéné saben wong kang nyebut asmané Pangéran iku bakal kapitulungan rahayu.

22Para Sadhèrèk Israèl, sami mirengna andharan kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Yésus saking Nasarèt, satunggaling priya ingkang sampun kapiji déning Allah saha ingkang sampun kapratélakaken dhateng panjenengan sadaya kalawan pangwaos-pangwaos, tuwin kaélokan-kaélokan sarta pratandha-pratandha ingkang katindakaken déning Allah lantaran Panjenenganipun, wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdéné ingkang sampun panjenengan mangertosi.

23Panjenenganipun ingkang kaulungaken déning Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sédani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.

24Nanging lajeng kawungokaken déning Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi mboten badhé Panjenenganipun lestantun kawengku déning pangwaosing pejah punika.

25Awit Daud ngandika bab Panjenenganipun makaten: Aku tansah mandeng marang Pangéran, amarga Panjenengané jumeneng ing tengenku, satemah aku ora kéguh.

26Mulané atiku sukarena lan ilatku surak-surak; malah badanku bakal lerem sajroning pangarep-arep,

27amargi Paduka mboten masrahaken kawula dhateng jagatipun tiyang pejah, sarta mboten négakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak.

28Paduka paring sumerep dhateng kawula bab margining gesang; Paduka badhé nglubèraken kabingahan dhateng kawula wonten ing pangayunan Paduka.

29Para Sadhèrèk, kula badhé cariyos dhateng panjenengan sadaya kanthi blaka-suta bab Daud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun séda saha kasarèkaken, saha pasaréanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten.

30Nanging panjenenganipun punika jumeneng nabi saha pirsa, bilih Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Allah badhé nglenggahaken tedhakipun Daud piyambak wonten ing dhamparipun.

31Margi saking punika panjenenganipun uninga sadèrèngipun saha ngandikakaken bab wungunipun Mésias, inggih punika nalika ngandika, bilih Panjenenganipun mboten dipun tégakaken wonten ing jagatipun tiyang pejah, saha bilih sariranipun mboten badhé ngalami risak.

32Inggih Yésus punika ingkang kawungokaken déning Allah, saha tumrap prakawis punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun.

33Punapadéné sareng Panjenenganipun sampun jinunjung déning asta tengenipun Allah tuwin tampi saking Sang Rama, Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken Roh punika kados ingkang sampun panjenengan sumerepi saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.

34Amargi sanès Daud ingkang minggah dhateng swarga, malah Daud piyambak ngandika makaten: Pangéran wus ngandika marang Gustiku:

35Sira lenggaha ing satengeningsun, nganti mungsuhira kabèh wus padha sundadèkaké ancik-anciking tlapakanira.

36Awit saking punika, umat Israèl sadaya kedah mangertos kalayan saèstu, bilih Allah sampun njumenengaken Yésus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus."

37Bareng wong-wong mau padha krungu pangandika mangkono iku, atiné padha trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Pétrus lan para rasul liyané, "Para Sadhèrèk, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?"

38Paring wangsulané Pétrus, "Sami mratobata sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Yésus Kristus, murih angsal pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhé nampèni peparing, inggih punika Roh Suci.

39Awitdéné ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha putra-putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih, sapinten ingkang badhé tinimbalan déning Gusti Allah kita."

40Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyané akèh manèh panjenengané paring paseksi lan pambereg marang wong-wong kabèh, pangandikané, "Sami sumingkira saking patunggilanipun tiyang-tiyang ingkang keblinger."

41Wong-wong kang nampani pangandikané Pétrus mau padha kabaptis. Ing dina iku, cacahé para murid wuwuh watara telung èwu.

42Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulangé para rasul lan anggoné tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, saprelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga.

43Wong kabèh padha kadunungan rasa wedi, awit para rasul iku padha nganakaké mukjijat lan pratandha akèh.

44Sarta wong kang pracaya kabèh padha lestari manunggal, sakèhing barang darbèké padha dianggep duwèké wong akèh.

45Apadéné tansah ana panunggalané kang ngedol barang darbèké, banjur didum-dumaké marang wong kabèh, miturut kabutuhané.

46Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahé kanthi giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,

47karo memuji marang Allah, apadéné padha disenengi déning wong sabangsa kabèh. Sarta manèh ing saben dinané cacahé wong kang padha kapitulungan rahayu diwuwuhi déning Gusti.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel