Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 23 >> 

1Paulus banjur mandeng para warganing Pradata Agama sarta matur, "Para Sadhèrèk, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsanipun Allah."

2Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Paulus, supaya napuk tutuké Paulus.

3Paulus nuli mangsuli, aturé, "Allah badhé napuk panjenengan, hé, témbok ingkang kalabur pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhé ngadili kula miturut angger-anggering Torèt, nanging panjenengan piyambak nerak angger-anggering Torèt, jalaran dhawuh napuk kula."

4Wong-wong kang padha ana ing kono ngucap, "Kowé iku nyenyamah marang Imam Agungé Allah!"

5Paring wangsulané Paulus, "O, para Sadhèrèk, kula mboten mangertos bilih panjenenganipun punika Imam Agung. Pancèn wonten seratan makaten: Sira aja ngucapaké tembung ala marang panggedhéning bangsamu!"

6Sarèhné panjenengané pirsa, yèn ing antarané Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulané banjur nywanten sora ana ing ngarsaning Pradata Agama, "Para Sadhèrèk, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ngarsanipun Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah."

7Bareng panjenengané ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha padu satemah wong akèh banjur pecah dadi rong golongan.

8Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yèn patangèn iku ora ana lan iya ora ana malaékat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-loroné.

9Mulané banjur dadi ribut banget. Ana ahli Torèt sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta mbantah kalawan keras ujaré, "Tumrap kula, tiyang punika mboten gadhah kalepatan! Mbokmanawi wonten roh utawi malaékat ingkang sampun ngandikani piyambakipun."

10Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhéning prajurit kuwatir, menawa Paulus nganti dipothèng-pothèng déning wong-wong mau, mulané nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mudhun ngrebut Paulus saka satengahing wong akèh lan digawa menyang bètèng.

11Benginé Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhingé lan ngandika marang panjenengané, "Sing teteg atinira, sabab kayadéné anggonira kalawan kendel neksèni Ingsun ana ing Yérusalèm, mangkono uga sira iya prelu neksèni ana ing Roma."

12Bareng wus raina wong-wong Yahudi nganakaké komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awaké dhéwé, ora bakal mangan utawa ngombé sadurungé nyédani Paulus.

13Komplotan iku gunggungé patang puluh luwih.

14Wong-wong mau padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi lan pratéla, "Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, mboten badhé nedha utawi ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus.

15Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhé mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti. Déné kula sadaya mangké sampun sami mirantos badhé mejahi piyambakipun sadèrèngipun dumugi ing ngarsa panjenengan."

16Nanging keponakané Paulus, yaiku putrané sadhèrèké putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang bètèng. Bareng wus diparengaké mlebu, nuli matur bab mau marang Paulus.

17Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur, "Nèm-nèman punika kula aturi nyowanaken dhateng ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun."

18Opsir iku banjur nyowanaké wong anom iku menyang ngarsané panggedhéning prajurit lan matur, "Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken laré anèm punika dhateng ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan."

19Panggedhéning prajurit mau banjur nganthi wong anom mau diajak miyambak, nuli didangu, "Apa kang arep koklapuraké marang aku?"

20Wangsulané, "Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhé nyuwun dhateng panjenengan, supados bénjing-énjing panjenengan ngladosaken Paulus malih dhateng ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kepéngin angsal katrangan ingkang langkung tliti saking piyambakipun.

21Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhé nyegat. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak mboten badhé nedha saha ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus. Sapunika sampun sami siyaga, kantun ngentosi putusan panjenengan."

22Panggedhéné prajurit banjur dhawuh marang wong anom mau supaya mulih kalawan dingandikani mangkéné, "Kowé aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yèn kowé wus nglapuraké bab iki marang aku."

23Sawisé mangkono panggedhéné prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkéné, "Siyagakna prajurit rong atus kang bakal menyang Kaisaréa karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang sikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.

24Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, lan supaya koksowanaké ing ngarsané Gubernur Féliks."

25Panggedhéné prajurit mau nuli damel serat, surasané mangkéné,

26"Salam kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Gubernur Féliks ingkang minulya.

27Tiyang punika dipun tangkep déning tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhé dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Roma.

28Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun.

29Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandakwanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Torètipun tiyang-tiyang wau, namung kémawon mboten wonten pandakwa ingkang njalari kénging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran.

30Salajengipun kula tampi palapuran, bilih wonten komplotan ingkang badhé mejahi tiyang wau. Awit saking punika kula lajeng énggal-énggal kèngkènan nyowanaken dhateng ngarsa panjenengan. Wondéné para ingkang sami ndakwa sampun sami kula kèn, supados sami ngajengaken prakawis punika dhateng panjenengan."

31Para prajurit banjur padha nindakaké kaya kang kadhawuhaké. Ing bengi iku uga, Paulus digawa menyang Antipatris.

32Ésuké para prajurit jaranan padha dikon mbacutaké lakuné karo Paulus, déné liyané padha bali menyang bètèng.

33Satekané ing Kaisaréa, para prajurit jaranan ngaturaké layangé lan masrahaké Paulus marang Gubernur.

34Bareng wus maos layang mau, Gubernur nuli ndangu marang Paulus, asalé saka propinsi ngendi. Bareng mireng, yèn Paulus saka Kilikia,

35banjur ngandika, "Aku bakal mriksa prakaramu, yèn wong kang padha ndakwa marang kowé wus teka ing kéné." Banjur dhawuh, supaya Paulus ditahan ana ing kratoné Hérodès.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel