1Ing sawijining dina, ngarepaké wektu sembahyang, yaiku jam telu awan, Pétrus lan Yohanes padha minggah menyang Padaleman Suci.
2Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulané saben dina digéndhong lan dipapanaké ing sacedhaké gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Éndah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang Padaleman Suci.
3Bareng wong mau weruh Pétrus lan Yohanes arep lumebet menyang Padaleman Suci, banjur nyuwun peparing.
4Sakaroné padha mirsani wong iku sarta Pétrus tumuli ngandika, "Aku pandengen."
5Wong mau iya banjur mandeng marang sakaroné kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.
6Nanging Pétrus nuli ngandika, "Emas lan pérak aku ora duwé, nanging kang aku duwé, kowé dakwènèhi: Demi asmané Yésus Kristus, wong Nasarèt iku, ngadega lan lumakua!"
7Panjenengané banjur ngasta tangané tengen wong mau, nulungi anggoné ngadeg. Sanalika iku uga sikilé lan poloké wong mau dadi kukuh,
8tumuli mlumpat sarta mlaku mrana-mréné, banjur ndhèrèk sakaroné lumebu menyang Padaleman Suci, kalawan jingkrak-jingkrak sarta memuji marang Allah.
9Wong-wong kabèh weruh anggoné mlaku karo memuji marang Allah iku
10sarta iya banjur padha ora pangling, yèn wong iku kang adaté lungguh ngemis ana ing Gapura Éndah ing Padaleman Suci, satemah padha kaéraman lan gumun banget marang apa kang wus kelakon mungguh ing wong mau.
11Sarèhné wong iku tansah ngetutaké Pétrus lan Yohanes, mulané wong akèh kang padha gumun banget iku kabèh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Salomo.
12Bareng Pétrus pirsa wong akèh iku, banjur ngandika, "Para Sadhèrèk Israèl, punapaa déné panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun déné panjenengan sami ningali dhateng kula kekalih, kados-kados ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking pangwaos utawi kamursidan kula kekalih piyambak?
13Allahipun Abraham, Ishak lan Yakub, Allahipun leluhur kita sampun mulyakaken Abdinipun, inggih punika Yésus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Pilatus, sanadyan Pilatus mutusaken bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.
14Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha Leres, sarta milih tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.
15Dados panjenengan nyédani Panjenenganipun ingkang dados Sumbering Gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken déning Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.
16Punapa déné margi saking pitados dhateng asma Yésus punika, mila asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan sumerepi saha ingkang panjenengan tepangi punika; sarta inggih kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngajeng panjenengan sadaya.
17Para Sadhèrèk, kula mangertos, bilih anggèn panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangertosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya.
18Nanging kanthi patrap makaten, Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lantaran para nabinipun, inggih punika bilih Mésias ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.
19Awit saking punika, sami èngeta saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,
20supados Pangéran lajeng paring wekdal ingkang damel lega saha ngutus Yésus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kanggé panjenengan sadaya.
21Kristus punika kedah lenggah wonten ing swarga ngantos dumugi titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdéné ingkang sampun dipun ngandikakaken déning Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.
22Rak sampun dipun ngandikakaken déning Musa, ‘Gusti Allah bakal njumenengaké nabi saka ing antarané para sadulurmu, padha kayadéné aku. Yaiku padha ngrungokna marang panjenengané sarta sakèhing pangandika kang bakal kaparingaké marang kowé.
23Sarta bakal kelakon, wong kabèh kang ora ngrungokaké nabi iku, bakal katumpes saka ing antarané umat.’
24Punapadéné sadaya nabi ingkang naté nglairaken pangandika, wiwit Samuèl saha sapengkeripun, sampun sami meca bab jaman punika.
25Inggih panjenengan sadaya punika ingkang marisi pameca-pameca punika saha angsal bagéan tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken déning Allah kaliyan leluhur kita, nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Abraham: Marga saka turunira, sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal binerkahan.
26Lan ingkang rumiyin inggih kanggé panjenengan sadaya punika anggènipun Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuwèni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak nilar sakathahing piawon panjenengan."