Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 16 >> 

1Para Farisi lan Saduki padha marek arep nyoba marang Yésus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengané, supaya ngatingalaké pratandha saka ing swarga.

2Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong iku, pangandikané, "Ing wayah soré kowé kandha, ‘Iki bakal terang’, marga langité abang sumilak;

3lan ing wayah ésuk kowé kandha, ‘Dina iki ora becik’, marga langité abang surem. Kowé bisa mbédakaké rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngerti.

4Golongan kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus." Panjenengané banjur tindak nilar wong-wong mau.

5Nalika para sakabat padha nyabrang sagara, padha lali ora nggawa roti.

6Yésus ngandika marang para sakabat, "Padha diawas, padha kang waspada marang raginé para Farisi lan Saduki!"

7Para sakabat padha rerembugan bab pangandika iku, pangucapé, "Anggoné ngandika mangkono iku rak marga kita padha ora sangu roti."

8Bareng Yésus pirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika, "Yagéné kowé padha rerembugan bab ora ana roti, hé, wong kang cupet ing pangandel?

9Apa kowé durung padha mangerti? Apa padha ora kèlingan bab roti lima kanggo wong limang èwu lan pirang kranjang sing kokklumpukaké?

10Mangkono uga bab roti pitu kanggo wong patang èwu lan pirang kranjang kang kokklumpukaké?

11Kepriyé ta déné kowé kok padha ora mangerti, yèn kang dakkarepaké iku dudu roti. Nanging padha diwaspada marang raginé para Farisi lan Saduki!"

12Ing kono para sakabat lagi padha mangerti, yèn dhawuhé Gusti iku mau, ora supaya waspada marang ragining roti, nanging marang piwulangé para Farisi lan Saduki.

13Bareng Yésus rawuh ing wilayah Kaisaréa Filipi, banjur ndangu marang para sakabaté, "Wong-wong ngarani, Putraning Manungsa iku sapa?"

14Atur wangsulané para sakabat, "Wonten ingkang cariyos: Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Élia; wonten malih ingkang mastani: Yérémia utawi salah satunggaling nabi."

15Panjenengané banjur ndangu, "Nanging kowé dhéwé padha ngarani Aku iki sapa?"

16Déné Simon Pétrus ngaturi wangsulan, aturé, "Paduka punika Mésias, Putranipun Allah ingkang gesang!"

17Nanggapi aturé Pétrus, Yésus banjur ngandika, "Rahayu kowé! Simon anaké Yunus, amarga kang medharaké marang kowé iku dudu manungsa, nanging Ramaku kang ana ing swarga.

18Lan Aku dhawuh marang kowé: Kowé iku Pétrus, lan ing sandhuwuring watu karang iki, Aku bakal mbangun pasamuwanku, lan pangwasané alam pati ora bakal ngalahaké.

19Kowé bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktalèni ana ing donya bakal katalènan ana ing swarga, lan apa kang kokuculi, bakal kauculan ana ing swarga."

20Panjenengané banjur ngawisi para sakabaté, supaya ora ngandhakaké marang sapa baé, yèn Panjenengané iku Kristus.

21Wiwit nalika iku Yésus mratélakaké marang para sakabaté, yèn Panjenengané kudu tindak menyang Yérusalèm, lan bakal nandhang sangsara warna-warna marga saka panggawéné para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Torèt sarta banjur disédani, lan ing telung dinané kawungokaké.

22Nanging Pétrus narik Panjenengané, karo munjuk, "Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Gusti ngantos kataman ingkang makaten punika."

23Nanging Panjenengané banjur méngo sarta ngandika marang Pétrus, "Hé, sétan, sumingkira. Kowé iku dadi sandhunganku, sabab kowé ora mikir apa kang kagalih déning Allah, nanging mung manut pikiraning manungsa."

24Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, "Menawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé sarta manggula salibé lan mèlua Aku.

25Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nemu.

26Apa gunané wong olèh donya iki kabèh, yèn kélangan nyawané? Lan apa kang bakal dipasrahaké minangka ijolé nyawané?

27Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaékaté; ing nalika iku Panjenengané bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawéné.

28Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong-wong kang padha ana ing kéné iki ana kang ora bakal padha mati, sadurungé weruh Putraning Manungsa rawuh ing Kratoné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel