Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 19 >> 

1Bareng Yésus wis mungkasi pangandika iku mau, Panjenengané banjur tindak saka Galiléa menyang wilayah Yudéa ing sabrangé Yardèn.

2Wong golongan padha gumrudug ndhèrèkaké tindaké, Panjenengané nuli nyarasaké wong-wong iku ana ing kono.

3Para Farisi banjur marek ing ngarsané, sumedya nyoba Panjenengané, aturé, "Tiyang punapa dipun parengaken megat sémahipun awit saking sadhèngaha sabab?"

4Panjenengané paring wangsulan, "Apa kowé padha ora maca, yèn Kang Nitahaké anggoné nitahaké manungsa wiwit wiwitan mula wus arupa lanang lan wadon?

5Lan pangandikané: Mulané wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyungé sarta banjur manunggal karo rabiné, temah loro-loroné dadi daging siji.

6Mulané wus mari dadi loro, mung daging siji. Awit saka iku, apa kang wis katunggilaké déning Allah, aja ana manungsa kang misahaké."

7Para Farisi mau nuli munjuk marang Panjenengané, "Manawi makaten, punapaa déné Musa dhawuh supados nyukani serat pegat manawi megat sémahipun?"

8Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Marga saka wangkoting atimu, Musa marengaké kowé megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.

9Malah Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat rabiné, kejaba jalaran saka laku jina lan banjur rabi karo liyané, iku dadi laku bandrèk."

10Para sakabat tumuli padha munjuk marang Panjenengané, "Manawi kados makaten punika kawontenanipun tiyang ingkang sesémahan, langkung saé mboten émah-émah."

11Nanging Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Ora kabèh wong nyandhak marang tembungku, mung kang wis padha kaparingan bisa ngerti.

12Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbané ibuné, kaanané wis kaya mangkono lan ana wong kang didadèkaké mangkono déning wong liya lan ana manèh kang nggawé awaké dhéwé mangkono saka karepé dhéwé marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngerti, iku mangertia."

13Tumuli ana wong kang padha nggawa bocah cilik-cilik marang ngarsané Yésus, supaya ditumpangana asta sarta didongakaké; nanging banjur padha disrengeni déning para sakabat.

14Nanging Yésus ngandika, "Cikbèn bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha marek ing ngarsaku, sabab Kratoning Swarga iku duwèké wong-wong kang kaya mangkono iku."

15Panjenengané nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono.

16Lah tumuli ana wong anom marek ing ngarsané Yésus lan matur, "Gusti, kasaénan kados punapa ingkang kedah kula lampahi, supados kula ngalami gesang langgeng?"

17Panjenengané ngandika marang wong iku, "Apa sababé, déné kowé takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Éwadéné menawa kowé kepéngin lumebu ing urip, tetepana sakèhing pepakon."

18Unjuké wong mau, "Pepakèn ingkang pundi?" Yésus tumuli dhawuh, "Sira aja mematèni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh.

19Sira ngajènana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé."

20Unjuké wong anom iku marang Panjenengané, "Punika sadaya sampun kula tetepi, kula taksih kirang punapa malih?"

21Yésus ngandika marang wong iku, "Yèn kowé arep sampurna, wis lungaa, barang darbèkmu kabèh dolana, lan pepayoné kabèh wènèhna marang wong miskin, satemah kowé oléh bandha ana ing swarga, banjur mrénéa, mèlua Aku."

22Bareng krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga wong anom mau duwé bandha akèh.

23Yésus tumuli ngandika marang para sakabaté, "Satemené Aku pitutur marang kowé, yèn wong sugih iku angèl banget bisané lumebu ing Kratoning Swarga.

24Sapisan manèh Aku pitutur marang kowé, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom katimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah."

25Para sakabaté bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha ilang babar pisan semangaté sarta padha ngunandika, "Yèn mangkono iku, sapa kang bisa kaslametaké?"

26Yésus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika, "Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kelakon."

27Pétrus tumuli matur, unjuké, "Kawula sadaya punika sampun sami nilar samukawis lajeng ndhèrèk Panjenengan; ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa?"

28Yésus banjur ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, bésuk ing waktuning pamulihan, menawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowé kang wis padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israèl rolas.

29Lan saben wong kang marga saka jenengku wus ninggal omahé, saduluré lanang utawa wadon, bapa-biyungé, anak-anaké apadéné palemahané, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal olèh warisan urip langgeng.

30Ananging akèh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel