Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 3 >> 

1Ing nalika samana Yohanes Pambaptis rawuh ing pasamunan wilayah Yudéa, nggelaraké piwulang, pangandikané,

2"Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!"

3Déné satemené iya panjenengané iku kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné, "Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lurung-lurung kagem Panjenengané padha lencengna."

4Yohanes iku agemané kang kagawé wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.

5Banjur diparani déning wong-wong saka Yérusalèm, saka Yudéa kabèh lan saka wilayah sakiwatengené Yordan.

6Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi déning Yohanes ana ing kali Yordan, kalawan ngakoni dosané.

7Nanging bareng panjenengané pirsa para Farisi lan para Saduki padha teka nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani, mangkéné, "Hé, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang marahi kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka?

8Yèn mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.

9Lan aja padha duwé pikiran, mangkéné: Aku rak padha duwé Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowé, sanadyan saka watu iki Allah kwaos mijilaké anak kanggo trahé Abraham.

10Karodéné wadung wis cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni.

11Aku iki mbaptisi kowé kabèh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kwasa katimbang aku lan mbok nyopot agemé trumpah baé aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowé kalawan Roh Suci lan geni.

12Panjenengané wis ngasta tampah; panutoné bakal diresiki nganti tapis sarta gandumé bakal diklumpukaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep."

13Nalika samana Yésus saka Galiléa rawuh ing Yordan murugi Yohanes, karsané supaya dibaptis.

14Nanging Yohanes menggak, unjuké, ‘Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka murugi kawula.’

15Nanging Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wis ta, cikbèn saiki mangkono, amarga iya mangkono iku patuté Aku lan kowé padha netepi sakèhé karsané Allah." Yohanes tumuli sumarah.

16Sawisé kabaptis, Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané pirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, nedhaki Panjenengané.

17Banjur ana swara saka swarga, kang ngandika, "Iki Putraningsun, kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel