Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 7 >> 

1"Aja padha netepaké luputing wong, supaya kowé aja ditetepaké luputmu.

2Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi, yaiku kang bakal dianggo ngukumi kowé. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé.

3Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh?

4Kepriyé déné kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Mara, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangané, mangka mripatmu dhéwé ana glondhongé?

5Hé, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripaté sadulurmu."

6"Barang kang suci aja kokwènèhaké marang asu, lan mutiyaramu aja kokuncalaké marang ngarepé babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyronggot kowé."

7"Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal nemu. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.

8Sabab saben wong kang nyuwun, tampa, sing golèk, nemu lan sing thothok-thothok iku kawenganan lawang.

9Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu,

10utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula?

11Dadiné yèn kowé kang ala padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengané."

12"Mulané sabarang panggawé sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya tindakna uga marang wong, awit iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi.

13Padha lumebua liwat ing lawang kang ciyut, awit amba lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono.

14Kosok-baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku."

15"Sing waspada marang para nabi palsu, kang padha nekani kowé nganggo nylamur kaya wedhus gèmbèl, mangka sajatiné iku asu ajag kang galak.

16Bakalé kowé bisa nitik marang bab mau saka wohé. Apa ana wong ngundhuh anggur saka thethukulan eri, utawa woh anjir saka rerungkudan?

17Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik.

18Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokaké woh kang becik.

19Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni.

20Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka wohé.

21Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga.

22Ing dina wekasan bakal akèh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula mboten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?

23Ing waktu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepku, hé, wong kang padha duraka."

24"Mulané saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau lan banjur dilakoni, iku kayadéné wong wicaksana, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré watu padhas.

25Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing watu padhas.

26Nanging saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang bodho, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré wedhi.

27Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhé kang nempuh, omah mau banjur ambruk lan banget rusaké."

28Kacarita, bareng Yésus wis mungkasi pangandikané iku mau, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé,

29jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan pangwasa, ora kaya para ahli Torèt.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel