Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 14 >> 

1Rong dina manèh ana riyaya Paskah lan riyaya Roti tanpa Ragi. Para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha ngrancang kepriyé anggoné nangkep lan nyédani Yésus kanthi réka-daya jahat,

2awit padha rasanan, "Aja sajroning riyaya, supaya ora gawé ributé rakyat."

3Nalika Panjenengané ana ing Bètania, ana ing omahé Simon kang wis tau lara kusta, lagi pinarak dhahar, ana wong wadon teka nggawa botol marmer isi lenga jebad narwastu tulèn, kang larang regané. Sawisé mecah guluné botol iku, wong mau banjur ngesokaké lengané ing mustakané Yésus.

4Ana wong sawatara kanthi rasa ora trima padha rasanan, "Apa gunané mbuang-buang lenga jebad narwastu iku?

5Sabab lenga iku rak kena diedol luwih saka telung atus dinar, lan kena diwènèhaké marang wong-wong miskin." Wong-wong iku banjur nyrengeni wong wadon mau.

6Nanging Yésus ngandika, "Enengna baé wong iku. Yagéné kowé padha gawé répoté? Wong iku wus nindakaké panggawé becik marang Aku.

7Sabab wong-wong miskin rak tansah ana ing antaramu, lan samangsa-mangsa kowé duwé karep, kowé bisa nindakaké panggawé becik marang wong-wong miskin; balik Aku iki ora salawasé bebarengan karo kowé.

8Wong wadon iku wis nindakaké apa kang bisa dilakoni. Sarta wis njebadi badanku kanggo pacawisané panguburanku.

9Satemené Aku pitutur marang kowé, Ana ing ngendi baé Injil kawartakaké ing saindenging jagat, apa kang wis katindakaké déning wong wadon iku bakal kacaritakaké minangka pangéling-éling."

10Yudas Iskariot, panunggalané sakabat rolas, tumuli menyat marani para pangarepé imam, kanthi sedya masrahaké Panjenengané.

11Bareng krungu, wong-wong iku padha bungah lan janji bakal mènèhi dhuwit marang Yudas. Déné Yudas tumuli golèk cara anggoné arep masrahaké Yésus ing waktu kang cocog.

12Ing dina wiwitané riyaya Roti Tanpa Ragi, wayahé nyembelèh cempéning Paskah, para sakabaté padha matur marang Yésus, "Gusti ngarsakaken kula sami késah cecawis wonten ing pundi kagem dhahar Paskah Gusti?"

13Panjenengané banjur ngutus sakabaté loro, lan ngandika marang utusan iku, "Padha menyanga ing kutha; ing kana ana wong kang nggawa jun isi banyu bakal methukaké kowé. Kowé padha ngetutna wong iku,

14lan ana ing omah kang dileboni, kowé kandhaa marang kang duwé omah mau: Guru meling: Kamar endi kang bakal kanggo mangan Paskah karo para sakabatku?

15Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar lotèng, kang jembar kang wis kacawisaké. Iya ing kono iku kowé padha nyawisna bujana Paskah kanggo Aku lan kowé kabèh!"

16Sakabat iku banjur padha mangkat, lan bareng tekan kutha padha ngalami kabèh kaya kang dingandikakaké déning Yésus mau; tumuli padha nyawisaké Paskah.

17Bareng wis soré Panjenengané rawuh bareng karo sakabat rolas.

18Nalika padha lungguh sarta padha mangan, Yésus ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ana siji saka panunggalanmu kang bakal ngiyanati Aku, iya kang lagi mangan karo Aku."

19Para sakabat banjur wiwit padha sedhih sarta siji-siji padha matur marang Panjenengané, "Rak sanès kawula ta, Gusti?"

20Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, "Wong iku iya salah siji saka panunggalanmu wong rolas, kang nyelupaké roti ing mangkok bebarengan karo Aku.

21Sabab Putraning Manungsa bakal jengkar kaya kang wis tinulis mungguhing Panjenengané, éwadéné bilai wong kang dadi margané Putraning Manungsa kaulungaké. Luwih becik, saupama wong iku ora lair."

22Nalika Yésus lan para sakabaté lagi padha dhahar, Panjenengané mundhut roti, saos sokur, nyuwil-nyuwil roti mau banjur maringaké marang para sakabat, kalawan ngandika, "Padha tampanana, iki badanku."

23Panjenengané banjur mundhut tuwung, ngaturaké panuwun lan maringaké tuwung iku marang para sakabat. Kabèh banjur padha ngombé saka tuwung mau.

24Apadéné Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Iki getihku, getihing prajanjian, kang kawutahaké kanggo wong akèh.

25Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku bakal ora ngombé manèh wohing wit anggur, nganti tumekaning dinané Aku bakal ngombé kang anyar ana ing Kratoné Allah."

26Sawisé padha ngunjukaké kidung pamuji, banjur padha lunga menyang Gunung Zaitun.

27Yésus nuli ngandika marang para sakabat, "Kowé kabèh, bakal gonjing imanmu, awit wis tinulis: Ingsun bakal nggebag juru pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal padha buyar.

28Nanging samangsa Aku wis katangèkaké, Aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa."

29Pétrus banjur matur marang Panjenengané, "Sanadyan sadaya sami gonjing imanipun, kawula mboten."

30Yésus banjur ngandika marang Pétrus, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ing dina iki, ing wayah bengi iki uga, sadurungé jago kluruk kaping pindho, kowé wus nyélaki Aku rambah kaping telu."

31Éwadéné kalawan luwih nandhes Pétrus matur, "Manawi kawula kedah pejah sareng-sareng kaliyan Gusti, kawula mboten badhé nyélaki Gusti." Liya-liyané kabèh iya padha munjuk mangkono.

32Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing panggonan kang jenengé Gètsémani. Yésus ngandika marang para sakabaté, "Padha lungguha ana ing kéné, sajroné Aku ndedonga."

33Panjenengané ndhawuhi Pétrus lan Yakobus sarta Yohanes ndèrèk. Yésus wiwit kraos sungkawa banget sarta giris ing galih.

34Panjenengané nuli ngandika marang sakabat telu iku, "Atiku sedhih banget, nganti kaya arep mati. Kowé padha ana ing kéné lan padha meléka"

35Sawisé majeng sawatara, Yésus banjur sumungkem ing bumi sarta ndedonga, supaya yèn bisa waktu iku sumingkira saka Panjenengané,

36sarta matur, "Dhuh Abba, dhuh Rama, tumrap Paduka samukawis saged kelampahan; tuwung punika mugi Paduka singkiraken saking Kawula, namung kémawon sampun pikajeng Kawula, nanging karsa Paduka."

37Yésus banjur wangsul lan manggih sakabat telu iku padha turu. Panjenengané nuli ngandika marang Pétrus, "Simon, apa kowé turu? Apa kowé ora kuwat melèk sajam baé?

38Padha melèka lan ndedongaa, supaya kowé ora kena ing panggodha; roh iku pancèn becik niyaté, nanging sipating manungsa, ringkih."

39Panjenengané banjur tindak manèh lan ndedonga nganggo tembung-tembung kang padha.

40Nalika rawuh manèh, Yésus manggih sakabat telu iku lagi padha turu, awit mripaté mbliyut, apadéné padha ora ngerti apa kang kudu diaturaké marang Panjenengané.

41Panjenengané rawuh kang kaping teluné banjur ngandika marang sakabat telu iku, "Apa isih padha turu lan ngaso? Wis cukup, wis tekan waktuné, delengen, Putraning Manungsa kaulungaké marang tangané para wong dosa.

42Padha tangia, ayo padha lunga. Kang ngulungaké Aku wus cedhak."

43Nalika Yésus isih ngandika, Yudas panunggalané sakabat rolas, dumadakan teka bareng karo wong golongan kang padha nggawa pedhang lan penthung atas préntahé para pangarepé imam, lan para ahli Torèt sarta para pinituwa.

44Wong kang ngiyanati Panjenengané wis awèh sasmita marang wong-wong mau, "Wong kang bakal dakcucup, yaiku wongé, iku tangkepen, jaganen sing kuwat."

45Sawisé teka, Yudas énggal-énggal nyelaki Panjenengané, banjur matur, "Rabbi," lan nyucup Panjenengané.

46Wong-wong mau banjur nyandhak lan nangkep Panjenengané.

47Saka ing antarané wong-wong kang ana ing kono iku ana kang ngunus pedhang, lan nyabetaké pedhangé marang abdiné Imam Agung, lan merung kupingé.

48Yésus nuli ngandika marang wong-wong iku, "Kowé kok kaya ngadhepi bégal, padha teka karo nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep Aku?

49Saben dina Aku rak iya nunggal karo kowé, memulang ana ing Padaleman Suci; lan kowé ora padha nangkep Aku. Nanging supaya kelakona kang tinulis ing Kitab Suci."

50Para sakabat banjur ninggal Panjenengané, padha mlayu kabèh.

51Ana nom-noman ndhèrèkaké Panjenengané, nutupi badané mung nganggo kemul lawon. Wong-wong padha arep nangkep nom-noman iku,

52nanging nom-noman mau ninggal lawoné, mlayu wuda.

53Yésus banjur kairid menyang dalemé Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Torèt padha nglumpuk ana ing kono.

54Déné Pétrus ndhèrèkaké Panjenengané saka kadohan nganti tekan plataraning Imam Agung, banjur lungguh awor para pengawal, sinambi gegeni.

55Para pangarepé imam dalah warganing Pradata Agama kabèh, padha golèk paseksi kang nglawan Yésus, supaya Panjenengané bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora olèh.

56Sabab akèh wong kang awèh paseksi palsu nglawan Yésus, nanging paseksi-paseksi iku siji lan sijiné ora cocog.

57Banjur ana wong sawatara kang ngaturaké paseksi palsu, nglawan Panjenengané kalawan pandakwa, mangkéné,

58"Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Aku bakal ngrubuhakaé Padaleman Suci kang kagawé srana tanganing manungsa iki lan sajroné telung dina Aku bakal mbangun liyané, kang dudu gawéané tanganing manungsa."

59Bab iki, paseksiné wong-wong iku uga cengkah karo liyané.

60Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan, nuli ndangu marang Yésus, "Apa kowé ora mangsuli babar pisan? Kepriyé mungguh paseksiné wong-wong kang ndakwa kowé iku?"

61Nanging Panjenengané kèndel baé, ora paring wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu Yésus manèh, pangandikané, "Apa kowé iku Mésias, Putrané Kang Pinuji?"

62Paring wangsulané Yésus, "Iya Aku iki Panjenengané, lan kowé bakal padha weruh Putrané Manungsa lenggah ing satengené Kang Mahakwasa lan rawuh ana ing méganing langit."

63Imam Agung banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan ngandika, "Kanggé punapa kita taksih mbetahaken seksi malih?

64Panjenengan sampun sami midhanget panyenyamahipun dhateng Allah. Kadospundi pamanggih panjenengan?" Wong-wong kabèh saiyeg padha netepaké Yésus kudu kaukum pati.

65Wong sawatara banjur wiwit ngidoni Panjenengané, lan nutupi pasuryané sarta njotosi kalawan kandha marang Panjenengané, "Hé, nabi, coba bedhèken!" Dalah para pengawal iya mèlu padha ngantemi Yésus.

66Nalika iku Pétrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdiné Imam Agung, kang teka,

67lan bareng weruh Pétrus gegeni, banjur namataké rainé, lan ngucap, "Sampéyan niku rak enggih tansah sareng kalih Yésus, tiyang Nasarèt niku."

68Nanging Pétrus sélak, wangsulané, "Kula mboten ngerti lan enggih mboten mudheng napa sing mang karepké niku." Pétrus banjur pindhah menyang èmpèr ngarep. (Nuli ana jago kluruk.)

69Bareng wong wadon mau weruh Pétrus manèh, banjur iya kandha-kandha marang wong-wong kang ana ing kono, "Tiyang niku enggih saking panunggalané."

70Nanging Pétrus sélak manèh. Ora let suwé wong-wong kang ana ing kono padha calathu manèh marang Pétrus, "Sampéyan niku genah tunggalé, napa malih sampéyan tiyang Galiléa!"

71Nanging Pétrus banjur wiwit supata lan sumpah-sumpah, "Kula mboten kenal tiyang sing mang kandhakké niku!"

72Sanalika iku uga jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan marang pangandikané Yésus, "Sadurungé jago kluruk ping pindho, kowé wus nyélaki Aku kaping telu." Banjur nangis sesenggrukan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel