Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 3 >> 

1Yésus banjur mlebet manèh ing papan pangibadah. Ing kono ana wong kang tangané mati sasisih.

2Wong-wong padha ngawasaké Panjenengané apa iya arep marasaké wong iku ing dina Sabat, supaya bisa padha nggugat Panjenengané.

3Panjenengané banjur ngandika marang wong kang tangané mati sasisih iku, "Mara, ngadega ing tengah kéné!"

4Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong kang padha ngawasaké iku, "Ing dina Sabat iku wong diparengaké nindakaké kabecikan apa nindakaké piala, nylametaké nyawa apa matèni?" Nanging wong-wong iku padha meneng baé.

5Panjenengané tumuli mirsani wong-wong ing sakiwa-tengené kalawan duka lan kanthi sekel ing galih karana wangkoting atiné. Panjenengané ngandika marang kang tangané mati sasisih iku, "Tanganmu athungna!" Wong iku banjur ngathung, lan tangané wus kapulihaké.

6Wong-wong Farisi iku, bareng wus padha metu, nuli padha sekongkelan karo para golongané Hérodès gawé rancangan, kepriyé bisané nyédani Panjenengané.

7Yésus lan para sakabaté banjur sumingkir tindak menyang tlaga; sarta kumpulaning wong akèh cacahé saka Galiléa padha ndhèrèkaké, samono uga saka Yudéa,

8saka Yérusalèm, saka Iduméa lan sabrangé Yordan, apadéné saka wilayahé Tirus lan Sidon. Kumpulaning wong kang akèh cacahé iku padha sowan ing ngarsané, marga wus padha krungu bab samubarang kang katindakaké déning Panjenengané.

9Panjenengané banjur dhawuh marang para sakabaté supaya nyawisaké prau kagem Panjenengané marga anané wong golongan, supaya wong golongan iku ora ngesuk-esuk Panjenengané.

10Amarga Panjenengané wus nyarasaké wong akèh, mula sakèhé wong kang nandhang lelara padha dhesek-dhesekan ngangseg nyedhak, murih bisané ndemok Panjenengané.

11Roh-roh jahat iku saben-saben ndeleng Panjenengané, banjur padha sujud ana ing ngarsané sarta ngucap klawan sora, "Panjenengan punika Putranipun Allah!"

12Nanging kanthi wanti-wanti Panjenengané menging roh-roh jahat supaya ora padha ngandhakaké bab Panjenengané.

13Yésus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali wong-wong kang dikarsakaké lan wong-wong iku padha sowan ing ngarsané.

14Panjenengané netepaké wong rolas, kang kasebut rasul-rasul déning Panjenengané, supaya ndhèrèkaké tindaké, lan kautus nggelaraké Injil,

15sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan.

16Panjenengané netepaké wong rolas iku, yaiku: Simon, kang diparingi jeneng Pétrus,

17lan Yakobus, anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré Yakobus, lan Panjenengané maringi jeneng marang karo-karoné Boanèrges, kang tegesé anaking gludhug,

18sarta Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon golongané wong Zélot,

19apadéné Yudas Iskariot, kang ngiyanati Panjenengané.

20Yésus tumuli mlebet ing sawijining omah, lah wong golongan banjur teka manèh bareng-bareng, nganti padha ora kober dhahar.

21Bareng para sadhèrèké padha krungu, banjur padha marani arep ngajak Panjenengané sumingkir, marga Panjenengané iku diarani éwah.

22Déné para ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm padha ngucap, "yèn Panjenengané iku kepanjingan Bèèlzebul," lan "anggoné nundhungi sétan kanthi pitulungané panggedhéning sétan."

23Panjenengané banjur nimbali lan ngandikani wong-wong mau kanthi upama, "Kepriyé bisané Iblis nundhung Iblis?

24Menawa ana kraton nglawan awaké dhéwé, kraton iku ora bisa lestari madeg,

25lan menawa ana brayat pecah nglawan awaké dhéwé, brayat iku ora bisa lestari.

26Mangkono uga menawa Iblis brontak nglawan awaké dhéwé sarta kapecah-pecah, Iblis ora bakal tetep ana, nanging wus tumeka ing pungkasané.

27Nanging ora ana wong bisa mlebu ing omahé wong kang rosa lan njarah-rayah barang darbèké, menawa ora mbanda dhisik wong kang rosa iku. Sawusé mangkono lagi bisa njarah rayah omahé.

28Satemené Aku pitutur marang kowé: Sakèhing dosa lan panyenyamah kang kaucapaké déning anaké para manungsa bakal kaapura.

29Nanging, sapa baé kang nyenyamah marang Roh Suci, ora bakal olèh pangapura ing salawas-lawasé, nanging kaluputan marga anggoné nindakaké dosa kang langgeng."

30Panjenengané ngandika mangkono, jalaran wong-wong mau padha ngarani menawa Panjenengané kapanjingan roh jahat.

31Ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké tumuli padha teka; sasuwéné ngadeg ana ing jaba, padha kongkonan wong ngaturi Panjenengané.

32Wong akèh padha lungguh ngupengi Panjenengané lan padha matur, "Lah punika ibu sarta sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten ing jawi madosi Panjenengan."

33Panjenengané banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Sapa ibuku lan sadulur-sadulurku?"

34Kanthi mirsani wong-wong kang padha lungguh ngupengi Panjenengané, banjur ngandika, "Iya iki ibuku lan sadulur-sadulurku!

35Awit sing sapa nindakaké karsané Allah, iya iku sadulurku lanang, lan sadulurku wadon apadéné ibuku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel