Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 5 >> 

1Nuli Yésus lan para sakabaté padha tekan sabranging tlaga, ing wilayahé wong Gerasa.

2Lagi baé Panjenengané mandhap saka ing prau, ana wong kang kerasukan roh jahat saka ing pakuburan, methukaké.

3Wong mau manggon ana ing pakuburan lan ora ana wong siji baé kang bisa mbanda wong mau, sanadyan nganggo ranté pisan,

4amarga wong iku sikil lan tangané wus kerep diranté, nanging ranténé dipedhot lan dibedhat, mangka ora ana siji baé wong kang bisa nelukaké.

5Rina-wengi wong iku terus ana ing pakuburan-pakuburan lan gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awaké dhéwé nganggo watu.

6Bareng weruh Yésus saka ing kadohan, wong mau banjur mlayu lan nyembah Panjenengané,

7sarta mbengok klawan sora, "Punapa urusan Panjenengan kaliyan kula, dhuh, Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur? Demi Allah, sampun ngantos nyiksa kula!"

8Wong mau matur mangkono, jalaran Panjenengané ngandika, "Metua saka wong iku, hé, roh jahat!"

9Panjenengané banjur ndangu marang wong iku, "Sapa jenengmu?" Wong iku tumuli matur, "Nama kula Legion, awit kula punika kathah."

10Wong iku kanthi adreng nyuwun supaya Panjenengané ora nundhung roh-roh jahat iku saka ing wilayah kono.

11Ing kono ana babi sapantha gedhé lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrèngé gunung.

12Roh-roh jahat iku banjur padha nyuwun marang Panjenengané karo matur, "Panjenengan ndhawuhana kula supados sami pindhah ing babi-babi punika, babi-babi punika badhé kula lebeti."

13Yésus marengaké roh-roh jahat iku; lan roh-roh jahat mau tumuli padha metu banjur mlebu ing babi-babi iku; pepanthan babi mau tumuli gumrudug mudhun liwat èrèng-èrèng kang njuleg ambyur ing tlaga, cacahé wetara rong èwu, lan padha klelep ing kono.

14Para kang angon babi-babi mau banjur padha mlayu awèh warta marang wong-wong ing kutha lan ing kampung-kampung sakiwa-tengené. Wong-wong banjur padha metu arep weruh apa kang wis kelakon.

15Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Yésus lan padha ndeleng wong kang kapanjingan sétan Legion iku lungguh ana ing kono, wis nganggo sandhangan sarta waras budiné, satemah wong-wong iku padha wedi.

16Wong-wong kang padha weruh lelakon mau banjur padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku, apa kang tumanduk ing wong kang kapanjingan sétan lan bab babi-babi mau.

17Wong-wong banjur padha nyuwun, supaya Panjenengané jengkar saka ing wilayahé.

18Nalika Yésus minggah ing prau, wong kang kapanjingan sétan mau nyuwun marang Panjenengané supaya diparengaké ndhèrèk.

19Yésus ora marengaké, nanging ngandika marang wong iku, "Muliha menyang omahmu, menyang krabatmu lan kandhakna marang wong-wong mau sabarang kang katindakaké déning Allah marang kowé sarta anggoné Panjenengané melasi kowé!"

20Wong iku banjur lunga sarta wiwit martakaké ana ing tanah Dékapolis samubarang kang wis katindakaké déning Yésus marang wong mau, temah wong kabèh padha gumun.

21Nalika Yésus nyabrang manèh kalawan nitih prau, wong golongan kang akèh cacahé teka padha ngrubung Panjenengané. Nalika Panjenengané ana ing pinggir tlaga,

22tumuli ana wong saka panunggalané para pangareping papan pangibadah teka, jenengé Yairus. Bareng weruh Panjenengané, wong iku banjur sujud ing ngarsané,

23lan kanthi adreng nyuwun marang Panjenengané lan matur, "Anak kawula èstri saweg sakit mèh pejah, mugi Gusti rawuh saha numpangi asta dhateng anak kula wau, supados wilujeng lan lestantun gesang."

24Yésus banjur tindak bareng karo pangareping papan pangibadah mau. Lan wong golongan kang akèh cacahé ndhèrèkaké Panjenengané.

25Ana wong wadon kang lara nggrajag-getih wus rolas taun lawasé,

26sing banget anggoné nandhang sangsara, wis bola-bali ditambani dhokter pirang-pirang, nganti ngentèkaké barang darbèké kabèh, mangka iku ora mitulungi, nanging larané malah dadi luwih nemen.

27Marga wus krungu pawarta bab Yésus, wong wadon iku tumuli teka nrambul ing satengahé wong golongan, banjur ndemèk jubahé Panjenengané saka ing buri.

28Sabab pamikiré, "Yèn aku ndemèk, sanadyan ta mung jubahé Panjenengané, aku bakal kawarasaké."

29Sanalika nggrajag-getihé banjur dadi mampet, apadéné iya ngrasakaké yèn awaké wus waras.

30Sanalika iku uga Yésus ngraosaké saka ing sarirané piyambak ana daya kang metu, Panjenengané banjur minger ing satengahé wong golongan lan ngandika, "Sapa kang ndemèk jubahku?"

31Para sakabaté banjur padha matur marang Panjenengané, "Gusti pirsa tiyang golongan sami ndhesek-ndesek Gusti, éwasemanten Gusti ngandika: Sapa kang ndemèk Aku?"

32Panjenengané banjur mirsani mubeng, nedya nguningani wong kang tumindak mengkono.

33Déné wong wadon mau sarèhné nyumurupi apa kang kelakon tumrap awaké, banjur kanthi wedi lan gumeter marek sarta sujud ing ngarsané Yésus, apadéné ngaturaké kabèh ing sanyatané marang Panjenengané.

34Panjenengané tumuli ngandika marang wong wadon iku, "Hé, nggèr, pracayamu wus mitulungi kowé. Mundura kanthi tentrem-rahayu, lan warasa saka lelaramu."

35Nalika Panjenengané isih ngandika, wong sawatara saka ing omahé pangareping papan pangibadah mau nusul teka lan matur, "Putra putri panjenengan sampun tilar, punapa ginanipun panjenengan taksih ngribedi Guru?"

36Nanging Yésus, kanthi ora nggatosaké marang tetembungan kang kaucapaké iku, ngandika marang pangarepé papan pangibadah iku, "Aja wedi, pracayaa baé!"

37Yésus ora marengaké ana wong kang ndhèrèk Panjenengané kejaba Pétrus, Yakobus lan Yohanes, saduluré Yakobus.

38Bareng wus padha tekan omahé pangareping papan pangibadah iku, Panjenengané pirsa kaributan, wong-wong kang nangis lan sesambat kalawan sora.

39Bareng wis mlebet, Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Yagéné kowé padha ribut lan nangis? Bocahé ora mati, nanging turu."

40Wong-wong iku banjur padha nggeguyu Panjenengané. Sawisé ndhawuhi metu wong-wong iku kabèh, Panjenengané tumuli ngajak bapak lan ibuné bocah mau sarta kang padha ndhèrèk Panjenengané, banjur mlebet ing papané bocah mau.

41Kanthi ngasta tangané, Panjenengané ngandika marang bocah iku, "Talita kum," kang ateges, "Hé, gendhuk, Aku dhawuh marang kowé, tangia!"

42Sanalika bocah wadon iku tangi sarta mlaku mrana-mréné; bocah iku umuré rolas taun. Wong kabèh tumuli padha banget kaéraman.

43Panjenengané paring dhawuh wanti-wanti marang wong-wong iku, aja nganti ana wong kang ngerti bab mau, sarta ndhawuhi supaya bocahé diparingi mangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel