1Mulané saiki, hé para wong sugih, padha nangisa sarta sesambata marga tekané kasangsaran kang bakal nempuh kowé!
2Kasugihanmu wis bobrok sarta sandhanganmu wis dipangan renget.
3Mas sarta pérakmu kapangan timbrah lan timbrahé bakal dadi paseksi tumrap kowé kabèh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadéné geni. Kowé wis numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.
4Sanyatané wis kaprungu pasambat sora, marga opahing buruh kang wis ngenèni pametuné tegalanmu koktahan, sarta wis kapireng déning Pangéran ing sakèhing tumitah pangresulané wong-wong kang padha ngenèni panènanmu.
5Kowé wis urip mukti-wibawa lan mubra-mubru ing donya, sarta kowé wis nyeneng-nyenengaké atimu ngarepaké dina panyembelèhan.
6Kowé wis ngukum wong bener, malah kokpatèni lan iku ora bisa nglawan kowé.
7Kang iku para Sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhé Gusti! Satemené wong tani iku nganti-anti pametuning buminé kang akèh ajiné sarta disrantèkaké, nganti tekané udan mangsa rontog lan udan mangsa semi.
8Kowé uga padha disabar, santosakna atimu, amarga rawuhé Gusti wis cedhak!
9Para Sadulur, kowé aja padha nggresah sarta luput-linuputaké, supaya kowé aja nganti nampa paukuman. Satemené Hakim wus jumeneng ing ngarep lawang.
10Para Sadulur, padha nulada kasangsaran sarta kasabarané para nabi, kang wis medharaké pangandika atas asmané Pangéran.
11Satemené kita padha nyebut rahayu tumrap wong-wong kang padha sabar-mantep iku; kowé wis padha krungu bab sabar-mantepé Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasané kacawisaké déning Pangéran tumrap panjenengané, amarga Pangéran iku maha-asih sarta maha-welas.
12Nanging kang perlu dhéwé para Sadulurku, poma kowé aja padha sumpah demi swarga utawa demi bumi utawa demi apa baé liyané. Menawa iya, kandhaa iya, menawa ora, kandhaa ora, supaya kowé ora kena ing paukuman.
13Menawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara, ndedongaa! Menawa ana kang seneng atiné, ngidunga!
14Menawa ana panunggalanmu kang lara, ngaturana para pinituwané pasamuwan, supaya padha ndongakaké sarta ngusapi nganggo lenga wong mau atas asmané Gusti.
15Pandonga kang metu saka pracaya bakal nylametaké wong lara, lan Gusti bakal nangèkaké wong iku; déné menawa wong mau wis gawé dosa, dosané iku bakal diapura.
16Marga saka iku kowé padha akon-ingakonana dosamu sarta donga-dinongakna supaya kowé padha waras. Pandongané wong bener, iku gedhé dayané lan ana wohé.
17Élia iku manungsa lumrah kaya kita, sarta panjenengané wis ndedonga kanthi temen-temen, supaya aja ana udan, sarta ing bumi iya ora ana udan nganti telung taun nem sasi lawasé.
18Panjenengané banjur ndedonga manèh sarta langit banjur ngesokaké udan lan bumi banjur metokaké woh.
19Para Sadulurku, menawa ana panunggalanmu kang nyimpang saka kayektèn sarta ana wong kang njalari mratobaté,
20padha sumurupa, sapa kang ndadèkaké wong dosa mratobat saka dalané kang nasar, iku bakal ngentasaké nyawané wong iku saka ing pati sarta nutupi dosa akèh.