Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 14 >> 

1"Atimu aja melang-melang; padha kumandela marang Allah; uga kumandela marang Aku.

2Ing dalemé Ramaku akèh panggonan. Menawa ora mangkono, kowé mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan kanggo kowé.

3Déné menawa Aku wis mrana lan wis nyawisaké papan kanggo kowé, Aku bakal bali manèh lan ngajak kowé menyang padununganku, supaya ing ngendi padununganku, kowé uga padha ana ing kana.

4Lan menyang ngendi paranku, kowé iya padha mangerti dalané mrana."

5Tomas munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mboten mangertos dhateng pundi tindak Panjenengan, dados kadospundi anggèn kawula sumerep marginipun mrika?"

6Pangandikané Yésus, "Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan urip. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, menawa ora metu Aku.

7Menawa kowé padha wanuh marang Aku, mesthi kowé kabèh iya wanuh marang Ramaku. Wiwit saiki kowé wanuh marang Panjenengané sarta wis padha ndeleng Panjenengané."

8Filipus munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sami marem."

9Pangandikané Yésus, "Wis samono lawasé Aku nunggal karo kowé, Filipus, éwasamono kowé ora wanuh marang Aku? Sapa baé kang wis ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?

10Apa kowé ora ngandel yèn Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang dakkandhakaké marang kowé iku, ora saka karepku dhéwé, nanging saka Sang Rama, kang dedalem ana ing Aku, Panjenengané iku kang nindakaké pakaryané.

11Padha ngandela marang Aku, yèn Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orané, padha ngandela, marga saka pakaryan-pakaryan iku.

12Satemené Aku pitutur marang kowé: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakaké uga pakaryan kang daktindakaké, malah pakaryan-pakaryan kang ngungkuli iku. Awit Aku sowan menyang ngarsané Sang Rama;

13lan apa baé kang koksuwun atas saka jenengku, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.

14Menawa kowé padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengku, iku Aku kang bakal ngleksanani."

15"Menawa kowé padha tresna marang Aku, kowé padha netepana pepakonku,

16Aku bakal nyuwun marang Sang Rama lan Panjenengané bakal maringi kowé Juru Pitulung liyané, supaya Panjenengané nunggil karo kowé, ing salawasé,

17yaiku Rohing Kayektèn. Jagat ora bisa nampani Panjenengané, amarga jagat ora sumurup lan ora wanuh marang Panjenengané, nanging kowé padha wanuh marang Panjenengané, amarga Panjenengané nunggil karo kowé lan bakal dedalem ana ing kowé.

18Kowé ora bakal daktinggal lola, Aku bakal mbalèni kowé.

19Mung kurang sadhéla jagat ora bakal ndeleng Aku manèh, nanging kowé ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowé iya bakal urip.

20Ing waktu iku kowé bakal padha mangerti, yèn Aku ana ing Ramaku lan kowé padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowé.

21Sing sapa nduwèni sarta netepi pepakonku, iya iku kang tresna marang Aku. Sing sapa tresna marang Aku, iku bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku uga bakal nresnani sarta bakal nglairaké sariraku marang wong iku."

22Yudas, dudu Yudas Iskariot, tumuli munjuk marang Yésus, "Gusti, sababipun punapa déné Panjenengan badhé nglairaken sarira Panjenengan dhateng kawula sadaya, lan mboten dhateng jagat?"

23Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi piwulangku sarta bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta dedalem ana ing wong iku.

24Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi piwulangku; lan piwulangku kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.

25Kabèh iku mau dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih nunggal karo kowé;

26nanging Juru Pitulung, yaiku Roh Suci, kang bakal kautus déning Sang Rama atas jenengku, iku kang bakal mulangaké samubarang kabèh marang kowé sarta bakal ngélingaké kowé sabarang kang wis dakkandhakaké marang kowé.

27Kowé padha daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuku dakwènèhaké marang kowé, lan apa kang dakwènèhaké iku ora kaya pawèwèhé jagat marang kowé. Atimu aja melang-melang lan aja giris.

28Kowé wis padha krungu, yèn Aku wis kandha marang kowé: Aku lunga, nanging bakal nekani kowé manèh. Menawa kowé tresna marang Aku, kowé mesthi padha bungah amarga Aku lunga sowan menyang Ramaku, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku.

29Lan saiki uga kowé padha dakkandhani sadurungé bab iku kelakon, supaya samangsa kelakon, kowé padha pracaya.

30Aku ora pitutur akèh manèh marang kowé, awit panggedhéné jagat iki teka, mangka ora duwé pangwasa sathithik-thithika ingatasé Aku.

31Nanging supaya jagat mangerti, menawa Aku tresna marang Sang Rama sarta menawa Aku nindakaké samubarang kang didhawuhaké Sang Rama marang Aku. Mulané ngadega, ayo padha lunga saka kéné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel