Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 16 >> 

1"Kabèh iku dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé aja padha kena sandhungan banjur nampik aku.

2Kowé bakal disébrataké saka sinagogé, malah bakal ana waktuné saben wong kang matèni kowé, padha ngira menawa saos pangabekti marang Allah.

3Wong-wong iku tumindak mangkono, amarga padha ora wanuh marang Sang Rama lan marang Aku.

4Nanging kabèh iki dakkandhakaké marang kowé, supaya menawa tekan ing waktuné kowé padha éling, yèn Aku wus ngandhakaké marang kowé." (16-4b) "Prakara iki ora dakkandhakaké marang kowé saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowé,

5nanging saiki Aku lunga sowan marang ngarsané Panjenengané kang wis ngutus Aku, lan ora ana siji baé saka panunggalanmu kang takon marang Aku: Panjenengan tindak dhateng pundi?

6Ananging marga kowé padha dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih.

7Déné kang dakkandhakaké marang kowé iki bener: Luwih maédahi tumrapé kowé, menawa Aku lunga. Sabab menawa Aku ora lunga, Juru Pitulung iku ora bakal nekani kowé, nanging menawa Aku lunga, Aku bakal ngongkon Juru Pitulung marang kowé.

8Déné menawa Panjenengané rawuh, iku bakal ngyakinaké jagat bab dosa, bab kayektèn, lan bab pangadilan;

9bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku.

10Bab kayektèn, awit Aku sowan marang ngarsané Sang Rama lan kowé padha ora ndeleng Aku manèh;

11bab pangadilan, amarga panggedhéné jagat iki wis kaukum.

12Isih akèh prakara kang prelu dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki kowé durung bisa nampa.

13Nanging samangsa Panjenengané rawuh, yaiku Rohing Kayektèn, iku bakal nuntun kowé marang sakèhing kayektèn. Awit Panjenengané ora bakal pitutur saka sarirané dhéwé, nanging sabarang kang dipiyarsakaké iku kang bakal dingandikakaké sarta Panjenengané bakal martakaké prakara-prakara kang arep kelakon.

14Panjenengané bakal ngluhuraké Aku, amarga bakal martakaké marang kowé apa kang katampi saka Aku.

15Apa sakagungané Sang Rama, iku iya duwèkku; mulané Aku pitutur, mangkéné: Juru Pitulung bakal martakaké marang kowé apa kang wis katampi saka Aku."

16"Mung kari sadhéla kowé bakal ora padha ndeleng Aku manèh lan sadhéla engkas kowé bakal padha ndeleng Aku manèh."

17Krungu kang kaya mangkono iku sakabaté ana sawatara kang padha rasanan, "Apa ta tegesé pangandikané marang kita: Kari sadhéla nuli kowé padha ora ndeleng Aku, sadhéla manèh banjur padha ndeleng Aku? Sarta: Aku lunga menyang ngarsané Sang Rama?"

18Banjur padha sapocapan, "Apa ta tegesé pangandika: Mung kari sadhéla? Aku padha ora mangerti apa kang dipangandikakaké iku."

19Yésus pirsa, yèn para sakabaté padha sumedya munjuk pitakon marang Panjenengané, banjur ngandika, "Apa kowé padha rerasanan apa kang dakngandikakaké mau, yaiku: Mung kari sadhéla nuli kowé bakal ora padha ndeleng Aku lan sadhéla manèh kowé bakal padha ndeleng Aku?

20Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Kowé bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagat bakal bungah; kowé bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal malih dadi kabungahan.

21Samangsa wong wadon lagi nglarani, iku ngrasakaké susah, nanging samangsa wis nglairaké bayiné, wis ora kèlingan manèh marang larané, marga saka bungahé déné ana manungsa kalairaké ing donya.

22Mangkono uga kowé samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowé manèh, temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngrebut kabungahanmu saka kowé.

23Ing dina iku kowé ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemené Aku pitutur marang kowé: Samubarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingaké marang kowé atas saka jenengku.

24Nganti sapréné kowé durung njaluk apa-apa atas saka jenengku. Padha nyenyuwuna, kowé mesthi bakal padha kaparingan, supaya sampurna kabungahanmu.

25Iku mau kabèh dakkandhakaké marang kowé sarana pasemon. Bakal tumeka ing waktuné anggonku mituturi kowé ora nganggo pasemon manèh, nanging kanthi ngeblak anggonku mituturi kowé bab Sang Rama.

26Ing dina iku kowé bakal padha nyenyuwun atas saka jenengku. Aku ora pitutur marang kowé, yèn Aku kang bakal nyuwunaké kowé marang Sang Rama,

27awitdéné Sang Rama piyambak nresnani kowé, amarga kowé wis padha tresna marang Aku, lan pracaya yèn Aku iki pinangkané saka ing Allah.

28Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggalaké donya manèh sowan marang Sang Rama."

29Unjuké para sakabaté, "Lah, sapunika Panjenengan ngandika kanthi ngeblak, mboten mawi pasemon malih.

30Sapunika kawula sami mangertos, bilih Panjenengan pirsa samukawis lan mboten prelu tiyang munjuk pitakèn dhumateng Panjenengan. Pramila kawula sami pitados, bilih Panjenengan punika mijil saking Allah."

31Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Apa kowé saiki padha pracaya?

32Lah, bakal tumeka ing waktuné, malah iya wis tekan waktuné, kowé padha kabuyaraké, padha menyang paranmu dhéwé-dhéwé, lan Aku koktinggal ijèn. Nanging Aku ora ijèn amarga Sang Rama nunggil karo Aku.

33Anggon-Ku mulangaké iku mau kabèh marang kowé, supaya kowé olèh tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wis ngalahaké donya."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel