Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 17 >> 

1Kaya mangkono mau pangandikané Yésus. Panjenengané banjur tumenga marang langit sarta matur, "Dhuh Rama, sampun dumugi wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.

2Kadosdéné anggèn Paduka sampun maringi pangwaos mengku sawarnining agesang dhateng Sang Putra, makaten ugi Sang Putra inggih badhé maringi gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Sang Putra.

3Wondéné gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.

4Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi sarana anggèn Kawula sampun ngrampungaken pakaryan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula supados katindakaken.

5Déné sapunika, dhuh Rama, mugi Paduka ngluhuraken Kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang sampun Kawula darbèni ing ngarsa Paduka sadèrèngipun jagat tinalesan.

6Kawula sampun medharaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagat. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami ngèstokaken pangandika Paduka.

7Sapunika sampun sami mangertos, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka.

8Amargi sadaya pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampèkaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampèni. Punapadéné sampun sami mangertos saèstu, bilih Kawula mijil saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

9Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanès jagat ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula, awit tiyang-tiyang punika inggih kagungan Paduka,

10lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.

11Kawula sampun mboten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang-tiyang punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdéné Paduka kaliyan Kawula.

12Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun njagi tiyang-tiyang punika lan mboten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang ical, kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinasthi risak, supados kayektosan suraosing Kitab Suci.

13Nanging samangké, Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau sangsaya sampurna.

14Tiyang-tiyang wau sampun Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti déning jagat, amargi pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat.

15Kawula mboten nyuwun, supados tiyang-tiyang wau kapundhuta saking donya, nanging supados Paduka reksa saking piawon.

16Tiyang-tiyang wau pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat.

17Mugi sami Paduka sucèkaken ing kayektosan; inggih pangandika Paduka punika kayektosan.

18Kadosdéné Paduka sampun ngutus Kawula dhateng jagat, makaten ugi Kawula inggih ngèngkèn tiyang-tiyang wau dhateng jagat;

19sarta Kawula nucèkaken badan Kawula kanggé tiyang-tiyang wau, supados ugi sami sinucèkaken ing kayektosan.

20Mboten namung kanggé tiyang-tiyang punika kémawon anggèn Kawula ndedonga, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang sanèsipun ingkang sami pitados dhateng Kawula margi saking piwucalipun tiyang-tiyang wau,

21supados sadaya sami dadosa satunggal kadosdéné Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, murih sami dadosa satunggal ing Paduka lan Kawula, supados jagat pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

22Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dados satunggal, kadosdéné Paduka lan Kawula inggih dados satunggal.

23Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurna anggènipun dados satunggal, sarta supados jagat mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang punika kadosdéné anggèn Paduka nresnani Kawula.

24Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kémawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados sumerep dhateng kamulyan Kawula ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, awit Paduka nresnani Kawula wiwit sadèrèngipun jagat tinalesan.

25Dhuh Rama ingkang adil, jagat punika pancèn mboten wanuh dhateng Paduka, nanging Kawula wanuh dhateng Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula.

26Punapadéné asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhé Kawula sumerepaken, supados katresnan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wonten ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wonten ing tiyang-tiyang punika."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel