Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 18 >> 

Sang Obaja, punggawa abdine Sang Prabu Akhab nemoni Nabi Elia

1Sawuse antara suwe, ing taun kang katelu ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia mangkene: “Sira mangkata, ngatona awakira marang Akhab, sabab Ingsun bakal paring udan ana ing bumi.”

2Nabi Elia nuli tindak ngatingalake sarirane marang Sang Prabu Akhab. Anadene pailan kang tumempuh marang Samaria iku abot banget.

3Awit saka iku Sang Prabu Akhab wus nimbali Sang Obaja kang dadi panggedhening kraton. Sang Obaja iku priyayi kang temen-temen anggone ngabekti marang Sang Yehuwah.

4Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.

5Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Sang Obaja: “Nagara iki dlajahana lan sakehe sumber lan sakehing kali paranana, bokmanawa kita isih oleh suket kanggo nguripi jaran lan bihal sarta ora usah mateni kewan iku siji-sijia.”

6Banjur padha mbage-mbage wilayah kang bakal padha didlajahi, Sang Prabu Akhab nuli tindak piyambakan ndlajahi wilayah kang siji, dene Sang Obaja ndlajahi wilayah sijine.

7Ana ing dalan Sang Obaja kepethuk Nabi Elia. Bareng wus ora pangling marang panjenengane, Sang Obaja tumuli sujud lan matur: “Punapa panjenengan punika bendara kula Elia?”

8Paring wangsulane Nabi Elia: “Iya bener! Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten.”

9Nanging ature Sang Obaja: “Kula nglampahi dosa punapa ta, dene panjenengan badhe ngulungaken ingkang abdi punika dhumateng Sang Prabu Akhab, supados kula dipun pejahi?

10Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang gesang, saestunipun boten wonten bangsa utawi karajan, ingkang boten dipun dhatengi utusanipun gusti kula Sang Prabu Akhab prelu ngupadosi panjenengan. Sarta manawi wonten tiyang ingkang munjuk: Panjenenganipun boten wonten ing ngriki, Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng karajan utawi bangsa punika supados sumpah, bilih panjenengan boten pinanggih wonten ing ngriku.

11Mangka sapunika panjenengan kok dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Nabi Elia punika wonten.

12Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.

13Punapa bendara kula boten kaaturan uninga bab punapa ingkang kula lampahi nalika Sang Prameswari Izebel mejahi para nabining Yehuwah, bilih kula ndhelikaken nabi-nabining Yehuwah satus wonten ing salebeting guwa, saben sagrombolan seket, sarta rumeksa ugi dhateng tedha saha ngombenipun?

14Mila sapunika, punapa sababipun, dene panjenengan punika dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten! Kula temtu dipun pejahi dening Sang Prabu.”

15Paring wangsulane Nabi Elia: “Demi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang gesang, kang dakladeni, lah ing dina iki uga aku bakal ngaton marang panjenengane.”

Nabi Elia ketemu karo Sang Prabu Akhab

16Sang Obaja banjur mangkat lan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Akhab tuwin ngunjuki uninga bab iku. Sang Prabu Akhab nuli tindak manggihi Nabi Elia.

17Bareng Sang Prabu Akhab mirsa Nabi Elia, enggal tumuli ngandika marang panjenengane: “Kowe ta iku, heh wong kang gawe cilakaning Israel!”

18Nabi Elia mangsuli unjuke: “Sanes kawula ingkang damel cilakaning Israel, nanging panjenengan dalem punika saha kulawarga dalem, sabab panjenengan dalem sampun sami nilar dhawuh-dhawuhipun Pangeran Yehuwah saha panjenengan dalem punika sampun ngetut wingking para Baal.

19Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa nglempakaken tiyang Israel sadaya wonten ing redi Karmel, ugi para nabining Baal ingkang cacahipun kawan atus seket punika saha para nabinipun Asyera ingkang cacahipun kawan atus punika, ingkang sami kaparingan tedha saking ing mejaning kratonipun Sang Prameswari Izebel.”

Nabi Elia ana ing gunung Karmel

20Sang Prabu Akhab tumuli utusan menyang ing sawewengkoning Israel kabeh kadhawuhan nglumpukake nabi-nabi iku menyang ing gunung Karmel.

21Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.

22Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.

23Nanging, coba aku padha wenehana sapi lanang loro; nabi-nabi iku cikben milih siji, supaya dipurak lan ditumpangake ing kayune, nanging aja digeneni. Aku iya bakal nyawisake sapi sijine lan banjur daktumpangake ing kayune sarta uga ora dakgeneni.

24Sawuse mangkono kowe padha nyebuta jenenge allahmu, dene aku uga bakal nyebut asmane Pangeran Yehuwah. Anadene allah kang paring wangsulan sarana geni, yaiku kang jumeneng Gusti Allah!” Rakyat kabeh padha mangsuli, ature: “Inggih prayogi makaten!”

25Nabi Elia nuli ngandika marang para nabine Baal: “Padha miliha sapi siji lan padha cecawisa dhisik, amarga cacahmu iki akeh. Sawuse mangkono banjur padha nyebuta jenenge allahmu, nanging kowe ora kena ndokoki geni.”

26Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.

27Bareng wayah tengange Nabi Elia wiwit moyoki wong-wong iku, pangandikane: “Anggonmu nyebut sing seru, iku rak allah ta? Bokmanawa lagi ngalamun, bokmanawa lagi ana urusan seje, bokmanawa lagi lelungan; ayake lagi turu, durung tangi.”

28Mulane wong-wong mau saya seru anggone padha nyebut sarta padha natoni awake kalawan pedhang lan tumbak kaya kang wus dadi adate, satemah getihe dhleweran saka ing awake.

29Bareng wus kliwat wayah tengange, ngarepake wayahe nyaosake kurban sore, polahe kaya wong kang padha kepanjingan, nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli, ora ana tandha yen kagatekake.

30Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat kabeh: “Padha nyedhaka aku mrene!” Rakyat kabeh nuli padha nyedhaki panjenengane. Nabi Elia banjur mbenakake misbyahe Pangeran Yehuwah kang wus kabubrah.

31Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. -- Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” --

32Watu-watu mau kadamel misbyah demi asmaning Sang Yehuwah, ing sakubenge misbyah diparingi kalenan kang kena diiseni winih rong sukat.

33Nabi Elia banjur numpuk kayu-bong, sapine kapurak lan purakane katumpangake ing kayu mau.

34Sawuse iku tumuli ngandika: “Njupuka banyu patang jun, esokna ing kurban obaran lan ing kayu-bong iku!” banjur ngandika maneh: “Pindhonana!” Banjur iya dipindhoni. Nuli ngandika maneh: “Ping telonana!” Banjur diping-teloni,

35nganti banyune mili ing sakubenge misbyah, malah kalenane nganti kebak banyu.

36Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.

37Paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, supados bangsa punika nyumerepana, bilih Paduka punika Gusti Allah, dhuh Yehuwah, saha bilih Paduka ingkang damel mratobating manahipun.”

38Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.

39Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”

40Nabi Elia tumuli ngandika marang wong kabeh: “Cekelen nabi-nabi Baal iku, siji bae aja nganti ana kang bisa oncat.” Bareng wus padha dicekel, banjur dibekta dening Nabi Elia menyang ing kali Kison sarta kabeleh ana ing kono.

41Sawuse mangkono Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu Akhab: “Kawula aturi tindak, dhahar saha ngunjuk, awit kumrasaking jawah sampun kepireng.”

42Sang Prabu Akhab banjur tindak tuwin dhahar lan ngunjuk. Nanging Nabi Elia minggah ing pucaking gunung Karmel, banjur jengkeng ing lemah, pasuryane kaapit ing jengkune.

43Sawuse iku nuli ngandika marang abdine: “Munggaha, ndelenga ing sagara.” Abdine mau banjur munggah, ngungak banjur matur: “Boten wonten punapa-punapa.” Pangandikane Nabi Elia: “Mangkata maneh.” Mangkono nganti rambah kaping pitu.

44Bareng kaping pitune, abdine mau matur: “Lah wonten mega alit, agengipun saepek-epek, ingkang medal saking saganten.” Nabi Elia nuli ngandika: “Mangkata, matura marang Sang Prabu Akhab: Paduka karsaa ngrakit kareta titihan dalem saha kawula aturi tindak tumedhak, supados sampun ngantos kebetheng ing jawah.”

45Kacarita ing sakedhap netra langit banjur dadi peteng marga saka mendhung kanthi prahara, tumuli udan deres. Sang Prabu Akhab banjur nitih kreta lan tindak menyang ing Yizreel.

46Nanging Nabi Elia kaayoman ing pangwaosing Pangeran Yehuwah. Panjenengane ngencengake paningsete banjur lumajeng ngrumiyini Sang Prabu Akhab nganti tekan ing dalan kang menyang ing Yizreel.



 <<  1 Raja-raja 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran