Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 3 >> 

Wewaton tumrap para pamomonging pasamuwan

1Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”

2Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,

3ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,

4dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.

5Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?

6Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.

7Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.

Wewaton tumrap para juru pamulasara

8Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,

9nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.

10Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.

11Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

12Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.

13Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

Pasamuwane Gusti Allah dadi dhasar lan pikukuhing kayekten

14Kabeh iku mau dakpacak ana ing layangku marang kowe, sanadyan pangarep-arepku bisaa enggal nekani kowe.

15Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.

16Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”



Download Audio MP3 (1 Timotius 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Timotius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel