Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 33 >> 

Gusti Allah anggone paring pangandika marang manungsa iku kanthi patrap warna-warna

1“Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku, lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku.

2Sumurupa, aku wus mbukak cangkemku, ilatku ngucap ana ing sangisoring cethakku.

3Atiku nglairake tembung kalawan jujur, lan lambeku mratelakake kalawan cetha apa kang disumurupi.

4Aku katitahake dening Rohing Allah, lan napase Kang Mahakwasa njalari aku urip.

5Manawa kowe bisa, aku wangsulana, mapana arep-arepan karo aku.

6Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae, aku iya diwangun saka lempung.

7Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku, ora abot anggonku bakal menet marang kowe.

8Nanging kowe wus calathu ing sacedhake kupingku, lan aku wus krungu anggonmu ngucap mangkene:

9Aku iki resik aku sepi ing panerak, aku suci tanpa kaluputan.

10Nanging Panjenengane manggih alasan kanggo nglawan marang aku, aku dianggep mungsuhe.

11Sikilku dibelok, satindakku tansah dipirsani.

12Wangsulanku marang kowe: Ing bab iku kowe ora bener, awit Gusti Allah iku ngungkuli manungsa.

13Yagene kowe kok madoni Panjenengane, awit ora paring wangsulan marang sakehing tembungmu?

14Amarga Gusti Allah anggone paring pangandika sarana patrap siji loro, nanging wong ora nggatekake.

15Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi, manawa wong turu kepati, manawa leyeh-leyeh ing paturon;

16ing kono Panjenengane mbikak kupinging manungsa lan nggatekake wong-wong mau kalawan panyaruwe-panyaruwe,

17minangka pepalang tumrap pratingkahe lan kanggo ngilangi gumunggunge,

18temah nyawane kasingkirna saka ing kubur lan uripe saka ing penempuhing tumbak.

19Wong kelakon kapredi kalawan nandhang lara ing paturon, ing sajroning balung-balunge tansah ana crah kang tanpa kendhat.

20Nganti wetenge bosen roti, ilang kekarepane mangan kang enak-enak.

21Daginge susut nganti ora katon, balung-balunge kang maune ora katon, banjur padha pating pendhosol.

22Nyawane wus nyedhaki kubur, sarta uripe nyedhaki pati.

23Manawa ana malaekat ing sandhinge, kang dadi panengah, siji ing antarane sewu, kang kadhawuhan mratelakake kabeneraning manungsa,

24ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane: Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur, Ingsun wus oleh panebus.

25Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom, dadi kaya nalika isih nom.

26Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake, temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena, lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.

27Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene: Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake, ewadene aku ora kawales.

28Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur, lan uripku bakal weruh pepadhang.

29Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allah kang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa,

30karsane mbalekake nyawane saka ing kubur satemah kasorotan ing cahyaning urip.

31He Ayub, gatekna, rungokna aku, menenga, aku kang guneman.

32Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku: kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe.

33Manawa ora, rembugku rungokna; kowe menenga, aku arep nyumurupake kawicaksanan marang kowe.”



 <<  Ayub 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel